Sabtu, 26 Juni 2010

Rasis v/s Ndremis

( Facebook Kawruh Jawa 26 Juni 2010 )

"Man, kowe njagoni sapa ?"
"Ya genah Korea no !"
"Lha ngapa ta ?"
"Lha genah padha-padha wong Asia-ne ngono'ok !"
"Oooo lek ngono kowe jik kasinungan jiwa RASIS !"
"Ya wis ben .... lha lek kowe njagoni sapa Min ?"
"Lek aku njagoni Uruguwai"
"Kowe kok aeng men, ra lumrah, lha ngapa ta Min ?"
"Anu ... negarane padha-padha kerep njaluk bantuan asing !"
"Oooo lek ngono kowe ki jik kasinungan jiwa NDREMIS !"

Senin, 21 Juni 2010

Omah Anyar

( Facebook Kawruh Jawa 21 Juni 2010 )

"Dhik, iki omah anyar nggo tandha katresnanku !"
"Adhuuuh kok semono gedhene katresnanmu ta Kang, ning lha endi sertipikate ?"
"Sertipikate mbahmu pa, iki omah kontrakan !"

Minggu, 20 Juni 2010

Nylekethe

( Facebook Kawruh Jawa 20 Juni 2010 )

"Jih esuk ngene kok ledhis men kowe le .... wis adus durung ?"
"Empun 'ok Dhe ....., wingi !"
"Lha wis sarapan durung ?"
"Dereng 'ok Dhe ....., nembe klebonan mie !"

Sabtu, 19 Juni 2010

Cita-cita

( Facebook Kawruh Jawa 19 Juni 2010 )

"Piye ta ndhuuuk ndhuk ... kowe ki kok ra gelem sekolah njur yen wis gedhe arep dadi apa kowe ?"
"Dadi manten mbok !"

Pesbukan

( Facebook Kawruh Jawa  19 Juni 2010 )

"Oalah tholeee cah baguuuus, kowe ki awan mesbuk, bengi mesbuk, tangi turu gregah mesbuk. Apa ra duwe gaweyan liyane ta leee. Mbok kana ngapa ta ngapa nang ndalan golek dhuwit !".
"Lho anu 'ok buk'e, kula teng ngarep leptop niku nggih pados yatra 'ok. Niki lho, kula lagek mbongkar akun-e tiyang-tiyang ..... kula ngge ngapusi kanca-kancane !"
"Oooo ngono ta ... ya wis, nek ngono terusna !".

Jumat, 18 Juni 2010

Mlipir, Nyeblak

( Facebook Kawruh Jawa 18 Juni 2010 )

"Ngapa Man ndengaren bengi-bengi rene ?"
"Ora 'ok !"
"Ora piye !"
"Anu 'ok !"
"Anu piye !"
"Anu ... yen ana rong puluh wae kang, nggo udud nonton bal !"

Minggu, 06 Juni 2010

Obat Kumis

(Facebook Kawruh Jawa 6 Juni 2010 )
Crita Mikro Crita Mini



Wis seminggu iki Ngatmin di-benum dadi satpam pasar. Bocahe mono dedeg-piyadege ya gedhe gagah prakosa merbawani. Nanging arepa ngono dheweke isih durung rumongsa cukup berwibawa. Perkarane mung siji, Ngatmin ora duwe brengos ngepel sing nggathutkaca kaya brengose Lik Mun boss-e.

Telung minggu pisan neng pasar kono ana tukang obat keliling sing dodolan obat lan jamu maneka warna kaya ta obat kuat, obat rematik, salep eksim, obat jerawat, obat lara untu, obat wahing lan ora keri obat-kumis ( salep penumbuh kumis ). Lha ya dagangan sing keri iku sing marahi dadi crita, obat kumis. [ O ya tak kenalna dhisik, tukang obat mau jenenge Ram Singh, bapake arepa asli India ng wis manggon suwe nang mBonang, dene simboke asli wong Sidoarjo. Neng pasar kono undang-undangane Cak Ram ].

Marga kadereng kepengin duwe brengos sing ketel ngepel, tanpa konsultasi dawa-dawa karo Cak Ram gage wae Ngatmin mbayari obat kumis sing wujude kaya lipstik kae. Ing mbatin Ngatmin wis ngentha-entha mendah kayangapa gagahe yen wis duwe brengos kaya Lik Mun. Wis ta lah bakal tambah berwibawa lan mbok menawa wae prawane Mbokdhe Nah bakul areng kae bakal gelem nglirik dheweke.

Kaya dene sing lumrah, kerep wae pangangen-angen iku beda karo kasunyatane, beda karo sing dikarepake. Semono uga pangangen-angene Ngatmin. Telung minggu candhake, nalika Cak Ram bali bukak dhasaran nang pasar kono, dadi ana ontran-ontran cilik marga Ngatmin ngamuk marang Cak Ram.
" Cak kowe tukang apus-apus tukang nyilakak'ke wong ya. Obatmu palsu dan berbahaya. Yen tak laporke Lik Mun kowe mesthi ra oleh dodolan nang pasar kene "
" Sik sik kosik ta Min, ko'en iku esuk-esuk kok wis ngamuk pundhung ki bar nguntal apa ta Min"
" Wis ja kakeyan bacot cak, delengen iki korban obat-kumismu iki.",  ngono iku Ngatmin karo nuduhake driji panuding tangan tengen.

Bareng weruh driji mau, Cak Ram lan wong-wong sing padha ngrubung gendrane Ngatmin sanalika padha kaget lan ora antara suwe dha njur ngguyu ngakak cekakakan. Lha ora ngguyu piye, pucuk drijine Ngatmin thukul rambut ketel nganti wujude kaya sikat kakus kae. Bareng olehe padha ngguyu radha lerem kanthi sareh Cak Ram nakoni Ngatmin ngene,
" Min, ko'en maca gak petunjuk cara penggunaan obat kumis mau ?"
" Ya ra sah diwaca ta cak, kok repot men !" wangsulane Ngatmin sengol.
" Lha njur piye nggonmu namakake obat mau Min ?"
" Ya biasa wae, kaya nanggo salep kae, tak dulit nggo driji njur tak oleske nang ngisor irung. Lha piye ta cak kudune ?", saure Ngatmin sing wiwit rada sareh.
" Loooo yok apa se ko'en Min .... gage wacanen petunjuk penggunaane ", kandhane Cak Ram karo ngguyu cekakakan.

Kanthi rada dheg-dhegan Ngatmin maca petunjuk sing tinulis nang wadhah obat kumis sing kaya lipstik iku. Unine ngene :
AWAS OBAT KERAS DAN BERBAHAYA.
JANGAN SAMPAI SALAH MENGGUNAKANNYA.
OLESKAN LANGSUNG PADA KULIT
YANG DIINGINKAN TUMBUH RAMBUTNYA !

Jumat, 04 Juni 2010

Nggambar Dhuwit

(Facebook Kawruh Jawa 4 Juni 2010 )

Sawijining dina aku ketemu karo kenalan lawas. Bar kon tinakon keslametan aku nakokake kahanane kakange sing wit bocah pancen ndregil tur mbelis.
"Yu, kakang sampeyan nika sak niki teng pundi ?"
"Anu dhi, nembe playon !"
"Lho awan-awan ngeten kok playon ta yu, napa pun mboten genep ta ?"
"Mboten'ok dhi, playon dioyak polisi !"
"Lha napa ngriminal melih ta ?"
"Enggih, nyat kakang kula nika wong gemblung 'ok. Lha nika, dhek anu nika kalih rencang-rencange ethok-ethoke dha nggambar dhuwit."

Bacem

( Facebook Kawruh Jawa 4 Juni 2010 )

"Mbah sampeyan kok olehe pinter damel bacem ta ? Bacem tahu kalih bacem tempene jiaan uenak tenin lho mbah !"
"Ra enak piye ta le le ..... aja maneh mung tempe tahu, watu karo wesi wae yen tak bacem ya mesthi bakal dadi enak 'ok !".