Kamis, 14 Oktober 2010

Motor Balap

 

"Nut, Panut, ... reneya le !"

"Nun dhawuh Dhe, ajeng didhawuhi napa ta ?"

"Ora ngapa-apa. Iki aku mung diwelingi budhemu kon nukokke sepedah motor nggo kowe. Gelem ra ?"

"Walaaah kok repot-repot ta budhe niku. Ning hla wong diparingi rak nggih mboten prayogi lan mboten wicaksana lek nampik rejeki ta Dhe. Hainggih mangga ...mawon, nggih nuwun sanget Dhe !"

"Hla kowe rep milih endi, kae ana sekenan motor balap kaya ndhek'e Palentino Rosi. Ketoke cocog nggo cah enom kaya kowe Nut !"

"Ah mboten Dhe, pun pundhutke sepedah motor biyasa mawon, sing lumrah mawon."

"Lho piye ta Nut, arepa seken sepedah motor balap ki luwih larang lho ?"

"Ah mboten Dhe, ajenga sae lan awis motor balap niku ngrepotke'ok."

"Ngrepotke piye ta Nut ?"

"Cobi ngga dipirsani kekirangane setunggal-setunggal Dhe."

"Piye jal ?"

"Sepindah : motor balap niku mboten onten jagrag-e, setandrat-e. Niku lak repot lek ajeng parkir, ndadak golek uwit napa buk ngge sendhenan.

Ping kalih : motor balap niku mboten onten lampune. Hla rak repot lek dingge wayah dalu.

Ping tiga : motor balap niku mboten onten sing ngangge riting. Niku lak ngrepotke piyantun sing teng wingking. Tur malih, lek tanggal sepuh kerep dilirik pulisi.

Ping sekawan : motor balap niku mboten onten setater-listrike, mboten dipasangi pengkal ngge nyetater. Lek nglakok'ke ndadak disurung. Kersa ben dinten njenengan nyurung ?

Niku dereng sepintena Dhe. Kekirangane sing nomer gangsal, perkara lek ngge ngojek. Hla mbakyu-mbakyu bakul lengganan kula nika napa nggih purun kula boncengke ngangge motor ngoten niku ?"

"Lho piye ta Nut, lak ya malah tambah gengsi ta ?"

"Sanes bab gengsi Dhe, ning mbakyu-mbakyu niku napa nggih purun mbonceng kalih NJENTHIT-ke BRUTU ?"

 

//