Selasa, 30 November 2010

Sing Paling Jujur lan Bener

[ Crita seka tanah Polandia lan Bohemia ]


Ing desa Bohnice, Vlad lan Anna Petrovsky lagi antuk kabagyan-agung, marga Anna mentas nglairake bayi wadon sing sehat, nyempluk lucu sumeh plewah-pleweh. Kadidene wong padesan umume, tangga teparone padha teka nyambangi, tilik, nakyinake lan uga melu ngrasakake kabagyane kulawarga Petrovsky.

"Dhuuuh Anna, anakmu lucu tenan ya. Mesthi suk yen wis gedhe bakal dadi prawan ayu kaya ibune. Vlad, piye yen mbesuk awake dhewe besanan ?!?"

"Walaaah ndhuuuk, anakmu kok cumlorong cahyane. Tak kira suk yen wis diwasa bakal dadi bocah sing pinter !"

"Vlad, ndeleng anakmu sing sumeh plewah-pleweh ngono iku nandhakake mbesuk yen wis gedhe bakal sugih kanca lan disenengi wong akeh !".



Ngono ing antarane pangalembanane tangga-teparone marang bayine Anna lan Vlad, pangalembana sing mesthi wae gawe mongkoge wong tuwane.

Nanging salah sawijining tangga, Marya, wanita tuwa sing kondhang marga seka jujure, nalika krungu pangalembanane tangga-tangga liyane terus micara ngene, 

"Anakku Anna lan Vlad, tak kandhani ya ndhuk lan kowe thole, ing tembe anakmu iku bakale mati !" 

//

Kamis, 25 November 2010

Mancing

"Min, ben dina kowe ki kok mung lunga mancing ae ta , mangka kasile ya ra mbejaji ?!?"

"Ngge ngicali setres'ok Dhe !"

"Lha setres kok ben dina, ana masalah apa ta Min ?"

"Setres mikir mbeten gadhah damelan Dhe ?"

"Lha ra nduwe gaweyan kok mung plesiran ae ta, mbok kana golek gaweyan !"

"Ah sampeyan niku nggih mboten nalar'ok Dhe !"

"Lho, aku ra nalar piye ta Min ?"

"Kapan oleh kula saged golek damelan wong ben dina kula mancing !"

//


Senin, 15 November 2010

Padha ra umume.

"Dhog dhog dhog ..... kula nuwun Mbak, dereng sare ta ?!?"
"Ana apa Min kok jam telu bengi dhodhog-dhodhog mertamu, ra ana awan pa piye !?!"
"Anu Mbak, badhe nyuwun iyuran bulanan !"
"Kowe ki jan ra umum, jam telu bengi 'ok nagih iyuran ta Miiin !"
"Halaah sami Mbaaak mboten umume !"
"Lho, lha kok padha, karepmu piye ta Min ?"
"Hla napa njenengan nggih umum, wong kondur ka kantor kok ajeg jam telu bengi !"

//

Rabu, 10 November 2010

Kuliah Malam


"Mas, Pak Man teng pundi, kok becake sampeyan cepeng ?"
"Ooo anu mbak, Kang Man wangsul ndhusun, becake ken nyepeng kula!"
"Lha sampeyan sinten mas ?"
"Kula Min mbak, rayine Kang Man. Njenengan sinten mbak kok kenal kakang kula?"
"Kula Tun mas, lengganan becake kakang sampeyan "
"Lha ngga ta kula dherekke, ajeng ndak pundi ta kok dandane le ayu men !"
"Ah mase ki lagi kenal ae kok wis wani nggodha lho ... ajeng kuliah ok mas !"
"Lah bengi-bengi ngeten kok ajeng mangkat kuliah. Teng pundi ta mbak sekolahe?"
"Ah isin kula ah, nembe mawon kenal kok kon blaka ... eeengg ...nganu mas, kuliah teng ATANTEG."
"Atanteg, sekolah napa niku mbak ?"
"Halaaah sampeyan mung ethok-ethok gak ngerti .... akadhemi etan tegelan !"
"Owalaaah ... ngriku ta mbak. Pun pun, kula ngertos nggone !"
"Adhuuuh dadi tambah isin kula mas !"
"Pun mbak ... rasah isin barang. Bojo kula nggih alumni ILP ok mbak !"
"ILP ? Sekolah napa niku mas ?"
"Institut Lor Palang."
"Walah senasib mbek kula nggih. Anu mas, lek mboten mbecak sampeyan mbut damel teng pundi dina-dinane ?"
"Kula dhines teng AKIK mbak !"
"Akik ? Perusahaan napa niku mas, toko sing sade ali-ali nggih ?"
"Sanes .. niku lho ... Akadhemi Kidul Kali ... kaya ra ngerti ae mbak-e ki !"
"Qi qi qi ... mas Min ki nganggo ndhagel barang, melu-melu gawe singkatan. Rekaos nggih mas awake dhewe niki !"
"Pun mbaaak ditrimak-trimakake mawon, wong jane awake dhewe niku rak nggih mung kepeksa nglampahi ta."
"Enggih mas ... umpamaa tiyang sepuh kula gaduk le nyekolahke jane kula mbiyen pengin dadi bidhan ok mas. Ning nggih pripun melih, kawontenan sing meksa kula kuliah teng Atanteg ngeten niki !"
"Ah pun pun .. ampun digalih lebet-lebet, ngko ndhak tambah nglara ati. Ngga ndang cepet budhal, mengke njenengan telat lho, engko didukani pak dhosen !"
"Alaaah maaas ... pun santai mawon, telat mbeten napa-napa, wong dhosene nggih remen-remen mawon lek dikon ngenteni mahasisiwi-ne ok. Tur melih lek dhosene mboten sabar ngenteni nggih ben mulih mawon, wong dhosen liyane nggih tesih kathah ok mas !"
---
Gentheyat gentheyot, alon lakune becak mangkat menyang ratan remeng-remeng wetan pabrik tegel. Wong loro sing sak durunge gayeng geguyonan saiki mung meneng-menengan kagawa pangangene dhewe-dhewe. Wengi samsaya krasa atis lan nglangut - kaya nglangute angen-angene Yu Tun lak Pak Min.

//