Jumat, 09 April 2010

Semangkeyan

( Facebook Kawruh Jawa  9 April 2010 )

"Kang lawang iki mbok regani pira ???"
"Halaaah kalih juragane pun mangga mawon nggene badhe ngawisi, kok kaya karo wong liya wae. Sing baken rak pasedherekan ta den !"
"Ya wis yen ngono rega paseduluran, satus ewu ya ?"
"Deeen deeen, njenengan niku kok nggih le tega-tegane kalih tiyang alit. Kula niku mikul king ndusun tebih lan awrat lho den, rak nggih onten regine ta deeeen. Dereng malih regi kajeng sak niki mindhake ndeder tur ndangak lho den!"
"Lhoooo piye ta kowe ki Kang, jaremu mau mangga mawon nggene badhe ngawisi, lha tegese rak ya oleh sakarepku ta Kang. Apa maneh jaremu sing baku seduluran. Lha piye ta ?!?"
"Oalaah den, lha niku rak pantes-pantese rembug antarane tiyang jawi ta. Priyayi jawi rak kedah ngangge raos lho den. Pun mangga dipun tambahi malih !"
"Eeee ngono ta ... ya becik kuwi. Ya wis nya tak tambahi sewu gelem ra ?"

Ing batin Kang Senthu gemreneng nesu marang wangsulane juragane Kerta sing kondhang cethile iku. " Eeeee yen ora ngelingi padha-padha warga KJ bakal tak gedhing ngarit sampeyan den .... eeee kok ya olehe semangkeyan temen priyayi ji iki !"

Harga Diri

( Facebook Kawruh Jawa  9 April 2010 )

Ana kenalan udakara limang tahun sak ndhuwurku sing dadi HANRA, sebut wae jenenge Giman. Wiiis ta angger wis nganggo sragam lageyane jan kaya yak-yaka kae. Mlakune digagah-gagahke, pethuk wong yen umure isih sak ngisore ora-arane bakal diaruh-aruhi. Sragame lengkap, nganggo kopelrim, gantungan sempritan, emblim lan ora keri GLATHI. Pawongane jan-jane ya lumrah wae, ora tau gawe repote liyan. Ning kemlinthine kuwi sing sok gawe gatele bocah-bocah.

Sakwijining ndina Giman liwat ngarepe
bocah-bocah sing lagi thenguk-thenguk ana ngebuk. Ora ngaruh-aruhi, mengo we ora. Njur ana kanca sing jail ngruruhi ngene :
"Mangkat dhines Man ?"
"Heeeh", wangsulane Giman tanpa noleh. 
Krungu wangsulan sing cekak aos iku ana kancaku sing metu ide kreatipe sing kurangajar kanthi cluluk ngene, "Man, kowe ki arep dhines apa arep rewang wong nduwe gawe ta kok nggawa PESO!"

Krungu ukara iki, mak greg Giman mandheg, balik kanan, terus methentheng karo mentheleng, nesu :
"Oooo MATA-mu picek ya, iki GLATHI dudu PESO !"
---
Bareng wis rada tuwa, ngeling-eling kedadeyan iku aku entuk kesimpulan : KEBANGGAAN DIRI-ne Kang Giman kesenggol perkara ana tembung kang ngremehake glathi-ne.


  .