Sabtu, 31 Desember 2011

FENG SHUI


"Ngene Koh, sowanku mrene iki arep nyuwun pituduh bab feng shui. Anu koh, aku arep gawe pawon."


"Ooo la iya haaa, mangga ae ta Lik Ja. Lek sampeyan alep gawe pawon aja nelak lalangane ae haaa ...."

"Apa wae koh sing dadi larangane nggo gawe pawon ?"

"Sing sepisan pawonmu aja ketok mlaha ka pintu utama. Lek mbok gawe ngono engko lek ana tamu teka, isa-isa langsung njujug pawon ngicipi utawa nithili tempemu.

Sing pindho pawonmu aja na tengah omah, mundhak keluke kompolmu mlepegi omah.

Ping telu pawonmu aja na ngalepan, ben lek sampeyan mung duwe geleh-pethek nggo lawuh ola konangan tanggamu.

Ping papat pawonmu aja jejel kalo kamal tidul, apa maneh ana cendhela kamal madhep nyang pawon. Iki ben kamal-tidulmu ola kambonan blambang apa tlasi.

Lan sing nomel lima kompolmu aja na ngalep cendhela, mundhak kanginan, ola isa ndang matengan lan isa bolos gas.

Haiyaaaa ... ngono iku Lik galis-besale haaa. Ning mbok coba tak ndeleng dhenahe omahmu Lik ben luwih nggenah !

"Iki koh gambare omahku !"

"Lik, iki ukurane pila haaa , kok tulisane 2x3 ? Anu ya lik, 20x30 metel ya ? Haiyaaaa ... omahmu gedhe banget Lik !"

"Ora koh, ora 20x30 meter, pancen 2x3 meter !"

"Haiyaaaa ... ngono haaaa. Anu Lik, salanku ngene, luwih becik sampeyan tuku matengan nang nggone Yu Sumi ae. Utawa lek alep mangan lunga nang walunge Mbah Ma ae ! Lek ndeleng ukulane omahmu, becike sampeyan ola usah gawe pawon, mundhak malah dadi libet. Haiyaaaa ... !"

// Bantar Gebang, 31 Desember 2011

Kamis, 24 November 2011

Kaplok

‎"Kula salah sithik mawon kok sampeyan kaplok ta mbah guru ?"

'Yen kowe ra tau dikaplok, njur kapan olehmu ajar endha ? Terus .... '

"Terus napa mbah ?"

'Yen kowe ra tau dikaplok, njur kapan olehmu ngerti larane wong dikaplok !"

"Napa melih mbah, ketingale mbah guru kok tesih kagungan alesan ngaploki kula ?"

'Iya, jik ana !'

"Napa niku mbah ?"

'Yen dudu kowe sing tak kaploki, njur sapa maneh sing aku jik wani ngaploki ! '

Rabu, 22 Juni 2011

Sasmita


"Piye ta ?"
'Anu 'ok '
"Lha njur ?"
'Ya ngono !'
"Njur sidane ... ?"
'Iya !'
"Terus kono ?"
'Ya ngene !'
"Lha kok ?"
'Piye meneh !'
"Nek nu ...."
'Terserah kono'
"Tenan ?"
'Ng ng ng anu ....'

Bareng lan tembung pungkasan iku sakeplasan netrane Satini menehi wangsulan kang tanpa tembung, kang kabuntel ing sasmita marang Satiman sing pancen wis kebak ing pangarep-arep. Kaya diabani bocah loro mau nerusake lakune kanthi esem lan nggawa pangentha lan pangangen dhewe-dhewe ing sore kang endah iku.

Minggu, 22 Mei 2011

Kacamata Ireng

Wektu jaman ijih mbeling mbiyen, ing sajroning pertemuan ambek kanca-kanca sekolahe, Satiman sengaja nyiapake piranti guyon. Kainspirasi seka gosip lan rumor ing jaman sugenge Bung Karno, tekane ing pesta iku Satiman nganggo kacamata-ireng (sun glass), kamangka biyasane dheweke ora tau nganggo kacamata. Ya mesthi wae dadi guyone kanca-kancane. Ana sing ngarani kaya Stevie Wonder ana sing clathu jarene kaya tukang pijet. Nanging ora ana sing ngarani kaya Bung Karno.

Bareng ketemu Ngatini kanca putrine sing pakeyane paling rapi lan ajeg rapet, sak wise salaman Satiman nyawang Ngatini seka ndhuwur mengisor, seka ngisor mendhuwur. Sing disawang mesthi wae ya rada risi, lan sambi guyon terus clathu ngene,

 

"Man, bareng nggae kacamata ireng kok klakuwanmu nganeh-anehi ta, kok njur kaya dokter mriksa pasiene kae !"

Satiman mung mesem kaya wong sing kelegan lan keturutan karepe, sambi tambah nyedhakake raine marang Ngatini. Bareng ngematake Satiman kanthi luwih premana, Ngatini banjur jerit-jerit girap-girap karo mlayu ngedohi Satiman. Ngono mau ora merga raine Satiman malih dadi kaya raine Prabu Ngalengkadiraja, ananing Ngatini weruh lan maca label cilik ing kacamata-irenge Satiman. Label mau tulisane See Thru.

Jumat, 07 Januari 2011

Jurnal Pawarta

Jam 17:00 WIB : 
- Satimin ngiras soto nang warunge Dhe Sastro nang alun-alun lor.
- Udan.  Deres banget. Angine lumayan bantere.

Jam 18:00 WIB :
- Udane wis rada terang, mung jik grimis cilik. 
- Satimin mlayu marani montore sing diparkir nang ngisor ringin.
- Ana pang ringin cilik coklek nibani montore, pas ngenani kap mesin.
- Ora ana sing rusak, mung kap-mesine ana beretane sithik.
 
Jam 19:00 WIB :
- Satimin tekan ngomah.
- Karo menehake martabak pesenane bojone dheweke crita yen nang alun-alun mau angine banter, nganti montore ketiban pang ringin cilik lan montore ana beretane sithik.

Jam 20:00 WIB :
- Ambek leyeh-leyeh nonton sinetron, bojone Satimin es-em-esan lan pesbukan ambek ibu-ibu kancane arisan.

Jam 20:00 WIB nganti tengah wengi :
- Jalur seluler lan internet rada rendhet marga seka ramene kabar tinular mau.


Esuke.

Jam 09:00 WIB :
- Satimin nyang Pasar Legi, njupuk pesenane kenthang nang warunge adhine, si Satiman.
- Weruh kakange teka, Satiman gupyuh mertakake kabar keslametane kakange,
"Kang, aku dikandhani bojoku yen wingi sore montormu ketiban wit ringin ya. Jarene kap-mesine nganti ringsek ya Kang. Pancen wingi sore angine guedhe byanget ok. Malah ana kabar  yen nang alun-alun kidul ana angin puting-beliung kaya nang pilem Amerika kae. Malah-malah nganti ana BEKO katut kabur temangsang nang wit ringin. Jian ngegirisi tenan angine wingi. Wis ra papa montormu rusak Kang, sing penting kowe slamet !"

//