Jumat, 07 Januari 2011

Jurnal Pawarta

Jam 17:00 WIB : 
- Satimin ngiras soto nang warunge Dhe Sastro nang alun-alun lor.
- Udan.  Deres banget. Angine lumayan bantere.

Jam 18:00 WIB :
- Udane wis rada terang, mung jik grimis cilik. 
- Satimin mlayu marani montore sing diparkir nang ngisor ringin.
- Ana pang ringin cilik coklek nibani montore, pas ngenani kap mesin.
- Ora ana sing rusak, mung kap-mesine ana beretane sithik.
 
Jam 19:00 WIB :
- Satimin tekan ngomah.
- Karo menehake martabak pesenane bojone dheweke crita yen nang alun-alun mau angine banter, nganti montore ketiban pang ringin cilik lan montore ana beretane sithik.

Jam 20:00 WIB :
- Ambek leyeh-leyeh nonton sinetron, bojone Satimin es-em-esan lan pesbukan ambek ibu-ibu kancane arisan.

Jam 20:00 WIB nganti tengah wengi :
- Jalur seluler lan internet rada rendhet marga seka ramene kabar tinular mau.


Esuke.

Jam 09:00 WIB :
- Satimin nyang Pasar Legi, njupuk pesenane kenthang nang warunge adhine, si Satiman.
- Weruh kakange teka, Satiman gupyuh mertakake kabar keslametane kakange,
"Kang, aku dikandhani bojoku yen wingi sore montormu ketiban wit ringin ya. Jarene kap-mesine nganti ringsek ya Kang. Pancen wingi sore angine guedhe byanget ok. Malah ana kabar  yen nang alun-alun kidul ana angin puting-beliung kaya nang pilem Amerika kae. Malah-malah nganti ana BEKO katut kabur temangsang nang wit ringin. Jian ngegirisi tenan angine wingi. Wis ra papa montormu rusak Kang, sing penting kowe slamet !"

//