Kamis, 27 Mei 2010

Ondhe-ondhe

(Facebook Kawruh Jawa 27 Mei 2010 )

Critane ngene. 

Ing sawijining dina ana priyayi jawa judheg marga bubure kacang ijo rada kesuwen nggondhoge nganti meh garing. Nanging dhasar priyayi iku kreatip ing babagan kuliner, lan ndilalah wektu iku lagi ngedang ketan, priyayi iku kagungan idhe nggawe klenyem - ora seka parutan pohung lan diiseni gula, nanging seka ketan lan diiseni bubur kacang ijo sing rada garing.

Nalika arep nggoreng kok krasa ora kepenak marga pliket. Ndilalah maneh priyayi iku kagungan wijen turahan nggo gawe sambel wijen wingenane. Sepisan maneh pancen priyayi elok tenan. Tinimbang pliket neng tangan dicoba digulung-gulungake neng nggon wijen-wijen mau. Eeee ndilalah saka kersaning Allah, lha kok malah dadi lan endahe, klenyem ketan isi kacang ijo dikemuli wijen. Bareng digoreng, lha kok enak tenan rasane. Wektu iku priyayi iki ora ngangas apa jenenge klenyem versi baru iki.

Kaya biyasane priyayi iki remen kirim-kirim tangga teparone, kanggo tandha raketing paseduluran. Salah sijine tanggane priyayi seka Bukit Tinggi. Bareng priyayi Sumbar iki nyoba ngrasake kiriman mau sanalika mbengok "Ondhe ondhe ... alamaaaak enaknyo Bu !". 


Priyayi jawa mau ya rada kaget, bareng ngawuningani jebule klenyem ketan isi kumbu (kacang ijo) dikemul wijen sajake wis populer ing masyarakat Sumbar. Wiwit wektu iku nganti seprene klenyem model anyar mau dening masyarakat jawa diarani ondhe-ondhe.

Minggu, 23 Mei 2010

Mbota

( Facebook Kawruh Jawa 23 Mei 2010 )


"Bapakmu lagi nang endi 'yah mene kok durung neng ngomah ?", ngono pitakonku marang Sarmin anake Lik Marta kenalanku lawas nalika aku menyang ngomahe.
"Anu kang, nembe MBOTA teng kidul pabrik, sawahe Mbah Samad !".
"Ya wis tak susule wae !".

Sambi ngglindhing nyang sawah kidul pabrik aku nggagas apa ta MBOTA iku. Ora ketemu wangsulane. Wis 'ko wae tekan sawah rak ngerti lan isa takon.

Bareng wis tekan sawahe Mbah Samad aku lagi dhong apa karepe tembung mau. Jebulnya, jebulipun, Lik Marta lagi entuk garapan ngluku. Luku-ne luku mesin, merek-e KUBOTA.

Kamis, 13 Mei 2010

Lha Ngapa Mlebu

( Facebook Kawruh Jawa 13 Mei 2010 )

"Nut Panut, sesuk rak dina KEJEPIT, kowe pa arep MLEBU ?" 
"Lha ngapa MLEBU, wong aku wis METU 'ok".

-

Niruwa Kaset

( Facebook Kawruh Jawa 13 Mei 2010 )
  
"Dhe, udane deres banget, memeyane ora garing. Piye iki dhe, CD-ku ra ana sing garing, aku ra isa salin. Tak neng toko dhilit golek CD ya dhe ". 
"Ra sah lunga-lunga, yen kodanan ndak lara. Wis niruwa KASET wae !!!"

 

Senin, 10 Mei 2010

Tangise Sapi

( Facebook Kawruh Jawa 10 Mei 2010 )
  
"Abdi dalem namung saged pasrah bongkokan kemawon dhumateng paduka. Katigas sumangga jangga, kajojoh sumangga jaja."

-