Jumat, 09 April 2010

Harga Diri

( Facebook Kawruh Jawa  9 April 2010 )

Ana kenalan udakara limang tahun sak ndhuwurku sing dadi HANRA, sebut wae jenenge Giman. Wiiis ta angger wis nganggo sragam lageyane jan kaya yak-yaka kae. Mlakune digagah-gagahke, pethuk wong yen umure isih sak ngisore ora-arane bakal diaruh-aruhi. Sragame lengkap, nganggo kopelrim, gantungan sempritan, emblim lan ora keri GLATHI. Pawongane jan-jane ya lumrah wae, ora tau gawe repote liyan. Ning kemlinthine kuwi sing sok gawe gatele bocah-bocah.

Sakwijining ndina Giman liwat ngarepe
bocah-bocah sing lagi thenguk-thenguk ana ngebuk. Ora ngaruh-aruhi, mengo we ora. Njur ana kanca sing jail ngruruhi ngene :
"Mangkat dhines Man ?"
"Heeeh", wangsulane Giman tanpa noleh. 
Krungu wangsulan sing cekak aos iku ana kancaku sing metu ide kreatipe sing kurangajar kanthi cluluk ngene, "Man, kowe ki arep dhines apa arep rewang wong nduwe gawe ta kok nggawa PESO!"

Krungu ukara iki, mak greg Giman mandheg, balik kanan, terus methentheng karo mentheleng, nesu :
"Oooo MATA-mu picek ya, iki GLATHI dudu PESO !"
---
Bareng wis rada tuwa, ngeling-eling kedadeyan iku aku entuk kesimpulan : KEBANGGAAN DIRI-ne Kang Giman kesenggol perkara ana tembung kang ngremehake glathi-ne.


  .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar