Minggu, 22 Mei 2011

Kacamata Ireng

Wektu jaman ijih mbeling mbiyen, ing sajroning pertemuan ambek kanca-kanca sekolahe, Satiman sengaja nyiapake piranti guyon. Kainspirasi seka gosip lan rumor ing jaman sugenge Bung Karno, tekane ing pesta iku Satiman nganggo kacamata-ireng (sun glass), kamangka biyasane dheweke ora tau nganggo kacamata. Ya mesthi wae dadi guyone kanca-kancane. Ana sing ngarani kaya Stevie Wonder ana sing clathu jarene kaya tukang pijet. Nanging ora ana sing ngarani kaya Bung Karno.

Bareng ketemu Ngatini kanca putrine sing pakeyane paling rapi lan ajeg rapet, sak wise salaman Satiman nyawang Ngatini seka ndhuwur mengisor, seka ngisor mendhuwur. Sing disawang mesthi wae ya rada risi, lan sambi guyon terus clathu ngene,

 

"Man, bareng nggae kacamata ireng kok klakuwanmu nganeh-anehi ta, kok njur kaya dokter mriksa pasiene kae !"

Satiman mung mesem kaya wong sing kelegan lan keturutan karepe, sambi tambah nyedhakake raine marang Ngatini. Bareng ngematake Satiman kanthi luwih premana, Ngatini banjur jerit-jerit girap-girap karo mlayu ngedohi Satiman. Ngono mau ora merga raine Satiman malih dadi kaya raine Prabu Ngalengkadiraja, ananing Ngatini weruh lan maca label cilik ing kacamata-irenge Satiman. Label mau tulisane See Thru.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar