Selasa, 28 Desember 2010

Nguyuh


Nalika mulih ka nggone Mbak Menik pacangane kakang-mbarepe, Satiman ngudarasa ngene,

"Kang, suk lek wis gedhe aku ya kepengin duwe pacar sing ayune kaya Mbak Menik !".

Krungu omongane adhine, Satimin celathu sambi ngakak ngece,

"Owalah Maaan Man, kowe ki jik taman kanak-kanak, jik umur nem taun. Kowe ki nguyuh ae durung jejeg,  lha kok   ya wis ngerti ambek arek ayu barang ta le le  !?!".

Diece ngono iku jan-jane Satiman serik atine. Ning ya arep kepiye, jenenge wae cah cilik, isane ya mung meneng thok.

Seket taun sawise prastawa iku,  nalika Satiman ngeterake Satimin nonton pameran mobil na Jakarta Fair, kakange celathu ngene,

"Man Man, wah jiaaan ! Aku ki jik gemes lek ndeleng arek-arek es-pe-ge sing  ayu-ayu cemiwel iku !"

Krungu rerasane kakange sing ngono iku Satiman kaya entuk kesempatan kanggo males dendam-lama sing wis sumimpen seket tahun lawase.  Ambek  ngguyu kepingkel-pingkel, Satiman mangsuli ngene,

"Oalah kaaang kang Satimin ... kowe ki nguyuh ae wis gak jejeg kok ya jik ngerti  ambek arek ayu barang ta kang kang !"

//
 

Sabtu, 18 Desember 2010

Omah Kanggo Simpenan

[ Ka-inspirasi adhedasar crita nyata ]

Pancen kadhangkala nggoleki omahe kanca nang perumahan anyar iku bisa gawe mumet. Lha ra mumet piye wong wujude, sak cet lan pagere  pisan padha kabeh. Aja maneh mung tamu, lha wong sing manggon anyaran wae ya bisa kesasar nang omahe tanggane.

Mumet anggone nggoleki omahe kanca lawase sing wis suwe ra pethuk, Badrun terus ngendhegake montore na ngarepe sawijining omah, karepe  mono arep nggenahake alamate kancane mau. Kebeneran wae ana priyayi putri  nang teras. Sawangane sing kagungan dalem.

"Kula nuwun bu, badhe nyuwun ... "

Durung nganti ngrampungake uluk salame, sing duwe omah ndadak wis nyauri kanthi wangsulan sing grapyak semanak, ngoceh criwis, kemrecek kaya manuk prenjak.

"Eeee mangga mangga pak. Penjenengan Pak Hamdi ta. Wah sampun kula tengga kawit wau lho. Rak gampil ta madosi griya kula !?!".

Badrun jane ya rada kaget. Apa ya iki ta omahe kancane. Ning sak elinge, bojone kancane dudu priyayi putri iku. Sak elinge bojone ki lencir menik-menik. Dene priyayi putri iki, arepa ya manis nanging kok rada bunder. Apa maneh dheweke diceluk jeneng liya. Ing batin Badrun nggagas, "Halah sing duwe omah genah kleru iki ".

"Anu bu, nuwun sewu, kula sanes Pak Hamdi, kula Pak Badrun !"

"Oalaaah, aku ki kok gampang men kleru ta ya ya. Nuwun sewu lho Pak Badrun,  kula menika cen asring kesupen lan klentu yen bab asma. Menapa malih dereng nate kapanggih. Inggih inggih, mangga mangga Pak, katuran langsung pinarak kemawon. Mangga dipun pirsani nglebetipun griya ingkang kula aturaken ing tilpun kalawau !"

Sak jane Badrun arep nerangake yen sing kagungan dalem kleru. Nanging maneh-maneh lagi wae arep omong wis diajak mriksa omah, nginguk kamar, dhapur, kamar mandi, taman mburi lan sak panunggalane. Ngono iku sing kagungan dalem ambek kemrecek criwis ora isa diselani tembung. Ana wae sing dicritakake. Ya sing hawa perumahan kono seger, ya sing transportasine gampang, cedhak pertokoan, ana sekolahane lan liya-liyane. Pancen priyayi iki ketoke duwe bakat terpendam dadi sales-woman sing tangguh tenan.

"Wah kok suwe men ta iki olehe nrocos, tur kok angel dipenggak. Kok kaya banjir lahar dingin ae. ya Wis lah, kebacut teles. Lek aku blaka mengko malah gawe gelane sing tawa. Ya wis ta lah tak ladenane sdilit. ae", batine Badrun sambi manthuk-manthuk sajak mathuk ngenani kahanane omah iku, arepa sajatine dheweke ya mangkel anyel marga wis kesoren lan durung ketemu omahe kancane.

Bareng wis rumangsa cukup anggone crita, priyayi putri iku takon marang Badrun,

"Nuwun sewu Pak kula badhe nyuwun priksa !"

"Bab menapa bu ?"

"Nuwun sewu sajatosipun penjenengan menika ingkang badhe ngagem griya menapa namung dados perantara kemawon ta? Nuwun sewu lho Pak !", pitakone sing kagungan dalem rada pekewuh.

Badrun sing dhasare pancen  durung ilang ndhugal lan kurang-ajare,  bareng oleh pitakon sing kaya ngono iku rumongsa oleh dalan kanggo nyekak-mat sing kagungan dalem. Ben ndang rampung, ben ndang isa minggat seka omah iku.

"Anu bu .... ngaten. Ning nggih sampun ngantos damel mboten sekeca manahipun ibu. Ngaten bu, kula menika sanes perantara, kula ingkang badhe nyewa griya menika, nanging ugi mboten badhe  kula angge piyambak !"

"Lha lajeng sinten ingkang badhe manggeni Pak ?"

"Anu bu, ngaten bu, kula blaka kemawon nggih bu. Sejatosipun ingkang badhe ngenggeni  menika lare estri simpenan kula !"

Krungu ukarane Badrun sing pungkasan iku sing kagungan dalem mbrabak abang raine. Ambek mecucu sing kagungan dalem mangsuli sengol njabel kramane,

"Pak Badrun, pun ndang mang medal king omah kula. Ra sida disewa ra patheken. Omahku ra arep tak sewak'ke nggo maksiyat. Astapirulaaaah .... amit-amit jabang bayik. !"

Ambek mesem Badrun enggal-enggal mlayu mlebu montore. Sing duwe omah ijih misuh-misuh nalika mbanting lawang omahe.

//

Minggu, 12 Desember 2010

Sing Jik Urip Asuransine



"Le, Senthun !"
"Apa mbok ?"
"Aku ki jane gumun lho le ?"
"Gumun piye ta mbok ?"
"Lha iya, jan-jane mbut-gawemu ki apa ta kok ben byar gonta-ganti kendharaan. Apa makelaran sepheda montor ngono ta le ?"
"Ora ok mbok, ra makelaran !"
"Lha njut gaweyanmu apa le ?"
"Lha iya niru bapak ta mbok mbok, anak maling ya dadi maling. Lha rep piye meneh mbok !"
"Kowe ja kurang-ajar mbek bapakmu ta le le. Kowe isa gedhe tuwa semono iku lek ra direwangi blangsakan dadi maling pa ya isa kelakon ta Thun Thun  ?"
"Aku ki ya ra rep kurang-ajar mbok. Aku ki ya tetep bekti mbek kurmat nyang bapak. Ning aku mung omong sak nyatane ae ta mbok ?"
"Tak andhani ya le, arepa bapakmu ki maling, ning maling ra sembarangan lho le !"
"Ra sembarangan piye ta mbok ?"
"Bapakmu ki yen maling milih-milih, nganggo nyawang-nyawang, nganggo tepa-slira, nganggo rasa-kamanungsan. Sak jege dadi maling bapakmu ki ra tau nyolong bandhane wong mlarat !"
"Lho lek ngono mbok, aku ya ra pati beda mbek bapak !"
"Ra pati beda piye, pa kowe mung nyolong kendharaane wong sugih ?"
"Ya ora mbok, ra mesthi ngono, ya sak lenane sing duwe ae. Ning tak jamin, lek tumindakku iku ra pati ngrekasakke sing kelangan ok mbok  !"
"Lha kok isa le ?"
"Anu mbok, ngene, sing tak colong  iku mung kendharaan sing jik urip asuransine !"
//

Minggu, 05 Desember 2010

Keneng apa kok bayare luwih gedhe ?

( Crita-rakyat seka tlatah Cempa - jinarwa ing swasana jawa. )


Sidharta sawijining pangeran sing seneng ngudi kawruh apa wae, kaya ta kawruh ngenani kewan lan tetuwuhan. Marga seka iku kerep banget sang pangeran dalah para punggawane tindak wana, saba turut kali, munggah gunung, mlebu guwa saperlu nggoleki lan nyinau kaelokaning jagading kewan lan tetuwuhan.

Ing sawijining dina pangeran Sidharta kanthi  didherekake punggawane, nitih baita lelayaran sauruting kali ing satengahing alas, golek-golek kawruh anyar. Salah sijining punggawa sing ndherekake  yaiku Ki Reksa, sawijining juru-tulis sisan dadi juru-sungging,.

Ing sajroning lelayaran kabeh padha katon seneng, ya sang pangeran lan para pandhereke. Amung siji sing kawit mangkat kerep nggresula, grenengan dhewe utawa rerasan marang kanca-kancane. Pawongan iku juru-welah anyaran, jenenge Ki Glundhung. Dheweke nggresula, ngrasani lan uga meri marang Ki Reksa, sing dianggep mung enak-enak ndherek lungguhan, wawan-sabda, guyon, maca, nulis lan nggambar bareng-bareng sang pangeran.

"Wong gaweyane mung lungguhan thok, ora melu rekasa melahi prahu lha kok entuk bayar luwih dhuwur tinimbang awake dhewe sing kringeten krenggosan melahi prahu ki piye ta  kang. Apa  jenenge pangeran sing adil lek ngono iku ?", ngono grenenge Ki Glundhung marang kanca-kancane.

Nadyan ora katon migatekake, nanging sajatine sang pangeran mireng apa kang dadi uneg-uneg lan grenenge Ki Glundhung mau. Nadyan dirasani yen ora adil panjenengane mung mendel wae lan ora duka. Mung wae ing batin panjenengane kepengin menehi pangerten anyar lan penting marang Ki Glundhung dalah kanca-kancane.

Ngancik wayah sore pangeran Sidharta dhawuh nginggirake prau lan ngedegake pasanggrahan prasaja kagem leren lan nginep. Sak jroning para wadya ngedegake tendha pasanggrahan, ndadak ana swara piyik ing satengahing grumbul sing gawe kawigatosane sang pangeran. Lagi wae sang pangeran arep mirsani gegrumbulan mau, ndadak ana swara belo mbengingeh seka tengahing alas. Kemutan rancangane yen arep paring piwulang anyar lan penting marang para wadya-ne, sang pangeran gage nimbali Ki Glundhung lan Ki Reksa.

"Kang Glundung lan Ki Reksa, padha mreneya !"

Wong loro mau ngadhep lan ditutake wadya liyane marga padha kepengin ngerti mbok menawa ana bab sing wigati sing perlu padha dimangerteni.

"Ngene kang Glundung lan Ki Reksa, mau padha krungu ta yen ana swara piyik lan swara belo seka tengahing grumbul lan alas ta !?! "
"Inggih inggih inggih pangeran, sedaya sami mireng.", ngono saur manuk wangsulane para wadya.

"Ngene, aku kepengin ngerti ngenani kahanane kewan-kewan mau. Mula seka iku kowe kang Glundhung, amarga kowe wis cukup kesel anggonmu melahi prau, dak utus mriksa kahanane piyik sing panggonane luwih cedhak. Den kowe Ki Reksa, marga kowe ora kesel melahi prau , kowe dak utus mriksa kahanane belo sing panggonane rada adoh !"

Wong loro enggal budhal, mangkat ngayahi dhawuhe bendarane. Amarga panggonane ora patiya adoh, ora nganti suwe Ki Glundhung wis teka ngadhep.

"Anu gusti, wonten piyik dhawah saking susuhipun !", ngono palapurane Glundhung.
"Eee ngono ya,. Banjur piyik mau piyik manuk apa kang ?", pandangune sang pangeran .
"Wah mboten kula gatosaken pangeran, lha wau mboten dipun dhawuhi  kok !", wangsulane Ki Glundhung kang rumongsa ora entuk dhawuh supaya mangerteni jinising manuk mau.
"Ya wis kana tilikana maneh, delengen piyik mau anak manuk apa !"

Gegancangan Ki Glundhung budhal maneh menyang grumbulan lan ora suwe wis bali caos palapuran.
 "Peksi jalak pangeran ",

"Terus apa ya ana piyik liyane sing na susuh kang ?", sang pangeran nerusake pitakone.

"Wah nggih mboten ngertos pangeran, namung kula tingali saking ngandhap kemawon kok, lha kala  wau panjenengan mboten ndhawuhi ngetang piyik sanesipun !", wangsulane Glundhung setengah nggresula.

"Ya wis kana tilikanan maneh, delengen pira cacahe piyik liyane !"

Ki Glundung mlayu maneh menyang gegrumbulan mau lan ketok kethekelan menek uwit niliki susuhe manuk jalak mau. Ora let suwe wis sowan maneh lan caos palapuran.
"Anu pangeran, wonten piyik tiga ing salebeting susuh !"

"Ooo dadi ana telu sing nang susuh. Lha piyik sing tiba mau mbok balekake na susuhe ora kang ?"

Kanthi rada mbesengut Ki Glundhung matur ngene,
"Pangeran, panjenengan menika menawi paring dhawuh kedahipun nggik ingkang jangkep supados ingkang dipun dhawuhi mboten wira-wiri kados ngaten menika. Lha menika rak malah nyiksa dhateng kawula ta ?", ngono protese Ki Glundhung marang bendarane.

"Ya wis kang, marga kowe wis kesel mloya-mlayu nyang grumbul saiki lerene. Ki Darpa, coba balekna piyik sing tiba mau menyang susuhe kareban ora mati lan biyunge ora susah kelangan anake !", dhawuhe sang pangeran marang Ki Glundhung lan Ki Darpa juru welah liyane.

Ora let suwe Ki Reksa sing diutus menyang sak tengahing alas wis teka. Marga uga kepengin ngerti ngenani kedadeyan mau para wadya liyane, klebu Ki Glundhung, uga banjur melu ngrubung Ki Reksa nalika caos palapuran.

"Piye Ki Reksa, ana kedadeyan apa ?", pamundhut priksane sang pangeran nalika Ki Reksa wis ngadhep.

"Mekaten pangeran, ing sangandhaping wit waringin ageng wonten kapal sak jodho ingkang gadhah belo kalih. Nilik agengipun belo-belo punika umuripun sami , kinten-kinten nembe  kalih taunan. Dene kapal sajodho punika kinten-kinten umur sedasa taunan.  Nanging kula kinten salah setunggaling belo punika sanes anakipun kapal sajodho wau. Amargi awis-awis sanget, malah saged dipun wastani mboten wonten kapal ingkang nglairaken belo kembar utawi langkung. Ugi ningali ulesipun bapa-biyungipun ingkang sami-sami cemeng. Belo ingkang setunggal punika ules pethak resik. Ingkang sampun-sampun menawi bapa biyungipun cemeng, ules belonipun nggih cemeng utawi soklat semu abrit. Mbok bilih belo pethak punika namung kendhang utawi keponthal saking bapa-biyungipun. Dados namung kempal pados kanca kaliyan kulawarga kapal cemeng kala wau !", ngono palapurane Ki Reksa tan pedhot kaya banyu mili.

"Lha kok jaran-jaran mau padha ribut ana kahananan apa Ki ?", sang pangeran nlesihakke maneh.

"Ooo punika ngaten pangeran. Belo-belo punika sami girap-girap amargi wonten sawer ingkang radi ageng ingkang langkung caket wit ringin punika. Dene kapal sajodho wau sami nyobi nggisah utawi mejahi sawer wau. Sawer bandhotan puspa jaler kinten-kinten panjangipun namung setunggal dhepa. Saweripun sampun kula pendhet lan kula bucal tebih saking ngriku. Mesakaken menawi pejah dipun idak-idak kapal-kapal kala wau."

"Pangeran, kula wau radi dangu amargi nyobi damel corekan gambar kapal sajodho tuwin belo-belonipun tuwin nggambar kembanganipun sawer bandhotan puspa menika. Mangga kula aturi mirsani. Dereng sampurna, mangke badhe kula rampungaken.", caos ature Ki Reksa mungkasi palapurane.

---

Pangeran Sidharta mung mesem karo manthuk-manthuk nampa palaporane Ki Reksa sing jangkep lan pratitis mau. Dene wadya liyane, klebu Ki Glundhung ing batin padha ngungun gumun, dene kok Ki Reksa isa caos palapuran sing jangkep pepak kaya ngono iku, kamangka mau bendarane olehe ndhawuhi ya nganggo ukara kang padha.

Nalika nutup patemon iku, sing sejatine pasinaon anyar lan wigati marang para wadyane, sang pangeran paring wedharan ringkes.

"Ki Glundhung lan wadyaku kabeh, piye saiki kowe kabeh rak wis padha ngerti ta kenengapa Ki Reksa dak paringi bayar sing luwih gedhe katimbang kowe. Kasaring tembung, ya ngono iku bedane wong kang pinter lawan wong kang bodho. Mula saka iku Ki Glundhung lan wadyaku kabeh, kowe aja padha wegah ngudi tambahing kawruh supaya dadi wong kang pinter ".

Wiwit prastawa ing sore iku, Ki Glundhung wis ora tau maneh grenengan lan meri marang Ki Reksa. Malah  kepara katon anggone kerep nyuwun priksa bab apa wae marang Ki Reksa lan bendarane. Lan amarga seka pasinaon  ing sore iku,  ing tembe Ki Glundhung kasil dadi salah sawijining winasis kang pinunjul ing negarane.

//