Minggu, 05 Desember 2010

Keneng apa kok bayare luwih gedhe ?

( Crita-rakyat seka tlatah Cempa - jinarwa ing swasana jawa. )


Sidharta sawijining pangeran sing seneng ngudi kawruh apa wae, kaya ta kawruh ngenani kewan lan tetuwuhan. Marga seka iku kerep banget sang pangeran dalah para punggawane tindak wana, saba turut kali, munggah gunung, mlebu guwa saperlu nggoleki lan nyinau kaelokaning jagading kewan lan tetuwuhan.

Ing sawijining dina pangeran Sidharta kanthi  didherekake punggawane, nitih baita lelayaran sauruting kali ing satengahing alas, golek-golek kawruh anyar. Salah sijining punggawa sing ndherekake  yaiku Ki Reksa, sawijining juru-tulis sisan dadi juru-sungging,.

Ing sajroning lelayaran kabeh padha katon seneng, ya sang pangeran lan para pandhereke. Amung siji sing kawit mangkat kerep nggresula, grenengan dhewe utawa rerasan marang kanca-kancane. Pawongan iku juru-welah anyaran, jenenge Ki Glundhung. Dheweke nggresula, ngrasani lan uga meri marang Ki Reksa, sing dianggep mung enak-enak ndherek lungguhan, wawan-sabda, guyon, maca, nulis lan nggambar bareng-bareng sang pangeran.

"Wong gaweyane mung lungguhan thok, ora melu rekasa melahi prahu lha kok entuk bayar luwih dhuwur tinimbang awake dhewe sing kringeten krenggosan melahi prahu ki piye ta  kang. Apa  jenenge pangeran sing adil lek ngono iku ?", ngono grenenge Ki Glundhung marang kanca-kancane.

Nadyan ora katon migatekake, nanging sajatine sang pangeran mireng apa kang dadi uneg-uneg lan grenenge Ki Glundhung mau. Nadyan dirasani yen ora adil panjenengane mung mendel wae lan ora duka. Mung wae ing batin panjenengane kepengin menehi pangerten anyar lan penting marang Ki Glundhung dalah kanca-kancane.

Ngancik wayah sore pangeran Sidharta dhawuh nginggirake prau lan ngedegake pasanggrahan prasaja kagem leren lan nginep. Sak jroning para wadya ngedegake tendha pasanggrahan, ndadak ana swara piyik ing satengahing grumbul sing gawe kawigatosane sang pangeran. Lagi wae sang pangeran arep mirsani gegrumbulan mau, ndadak ana swara belo mbengingeh seka tengahing alas. Kemutan rancangane yen arep paring piwulang anyar lan penting marang para wadya-ne, sang pangeran gage nimbali Ki Glundhung lan Ki Reksa.

"Kang Glundung lan Ki Reksa, padha mreneya !"

Wong loro mau ngadhep lan ditutake wadya liyane marga padha kepengin ngerti mbok menawa ana bab sing wigati sing perlu padha dimangerteni.

"Ngene kang Glundung lan Ki Reksa, mau padha krungu ta yen ana swara piyik lan swara belo seka tengahing grumbul lan alas ta !?! "
"Inggih inggih inggih pangeran, sedaya sami mireng.", ngono saur manuk wangsulane para wadya.

"Ngene, aku kepengin ngerti ngenani kahanane kewan-kewan mau. Mula seka iku kowe kang Glundhung, amarga kowe wis cukup kesel anggonmu melahi prau, dak utus mriksa kahanane piyik sing panggonane luwih cedhak. Den kowe Ki Reksa, marga kowe ora kesel melahi prau , kowe dak utus mriksa kahanane belo sing panggonane rada adoh !"

Wong loro enggal budhal, mangkat ngayahi dhawuhe bendarane. Amarga panggonane ora patiya adoh, ora nganti suwe Ki Glundhung wis teka ngadhep.

"Anu gusti, wonten piyik dhawah saking susuhipun !", ngono palapurane Glundhung.
"Eee ngono ya,. Banjur piyik mau piyik manuk apa kang ?", pandangune sang pangeran .
"Wah mboten kula gatosaken pangeran, lha wau mboten dipun dhawuhi  kok !", wangsulane Ki Glundhung kang rumongsa ora entuk dhawuh supaya mangerteni jinising manuk mau.
"Ya wis kana tilikana maneh, delengen piyik mau anak manuk apa !"

Gegancangan Ki Glundhung budhal maneh menyang grumbulan lan ora suwe wis bali caos palapuran.
 "Peksi jalak pangeran ",

"Terus apa ya ana piyik liyane sing na susuh kang ?", sang pangeran nerusake pitakone.

"Wah nggih mboten ngertos pangeran, namung kula tingali saking ngandhap kemawon kok, lha kala  wau panjenengan mboten ndhawuhi ngetang piyik sanesipun !", wangsulane Glundhung setengah nggresula.

"Ya wis kana tilikanan maneh, delengen pira cacahe piyik liyane !"

Ki Glundung mlayu maneh menyang gegrumbulan mau lan ketok kethekelan menek uwit niliki susuhe manuk jalak mau. Ora let suwe wis sowan maneh lan caos palapuran.
"Anu pangeran, wonten piyik tiga ing salebeting susuh !"

"Ooo dadi ana telu sing nang susuh. Lha piyik sing tiba mau mbok balekake na susuhe ora kang ?"

Kanthi rada mbesengut Ki Glundhung matur ngene,
"Pangeran, panjenengan menika menawi paring dhawuh kedahipun nggik ingkang jangkep supados ingkang dipun dhawuhi mboten wira-wiri kados ngaten menika. Lha menika rak malah nyiksa dhateng kawula ta ?", ngono protese Ki Glundhung marang bendarane.

"Ya wis kang, marga kowe wis kesel mloya-mlayu nyang grumbul saiki lerene. Ki Darpa, coba balekna piyik sing tiba mau menyang susuhe kareban ora mati lan biyunge ora susah kelangan anake !", dhawuhe sang pangeran marang Ki Glundhung lan Ki Darpa juru welah liyane.

Ora let suwe Ki Reksa sing diutus menyang sak tengahing alas wis teka. Marga uga kepengin ngerti ngenani kedadeyan mau para wadya liyane, klebu Ki Glundhung, uga banjur melu ngrubung Ki Reksa nalika caos palapuran.

"Piye Ki Reksa, ana kedadeyan apa ?", pamundhut priksane sang pangeran nalika Ki Reksa wis ngadhep.

"Mekaten pangeran, ing sangandhaping wit waringin ageng wonten kapal sak jodho ingkang gadhah belo kalih. Nilik agengipun belo-belo punika umuripun sami , kinten-kinten nembe  kalih taunan. Dene kapal sajodho punika kinten-kinten umur sedasa taunan.  Nanging kula kinten salah setunggaling belo punika sanes anakipun kapal sajodho wau. Amargi awis-awis sanget, malah saged dipun wastani mboten wonten kapal ingkang nglairaken belo kembar utawi langkung. Ugi ningali ulesipun bapa-biyungipun ingkang sami-sami cemeng. Belo ingkang setunggal punika ules pethak resik. Ingkang sampun-sampun menawi bapa biyungipun cemeng, ules belonipun nggih cemeng utawi soklat semu abrit. Mbok bilih belo pethak punika namung kendhang utawi keponthal saking bapa-biyungipun. Dados namung kempal pados kanca kaliyan kulawarga kapal cemeng kala wau !", ngono palapurane Ki Reksa tan pedhot kaya banyu mili.

"Lha kok jaran-jaran mau padha ribut ana kahananan apa Ki ?", sang pangeran nlesihakke maneh.

"Ooo punika ngaten pangeran. Belo-belo punika sami girap-girap amargi wonten sawer ingkang radi ageng ingkang langkung caket wit ringin punika. Dene kapal sajodho wau sami nyobi nggisah utawi mejahi sawer wau. Sawer bandhotan puspa jaler kinten-kinten panjangipun namung setunggal dhepa. Saweripun sampun kula pendhet lan kula bucal tebih saking ngriku. Mesakaken menawi pejah dipun idak-idak kapal-kapal kala wau."

"Pangeran, kula wau radi dangu amargi nyobi damel corekan gambar kapal sajodho tuwin belo-belonipun tuwin nggambar kembanganipun sawer bandhotan puspa menika. Mangga kula aturi mirsani. Dereng sampurna, mangke badhe kula rampungaken.", caos ature Ki Reksa mungkasi palapurane.

---

Pangeran Sidharta mung mesem karo manthuk-manthuk nampa palaporane Ki Reksa sing jangkep lan pratitis mau. Dene wadya liyane, klebu Ki Glundhung ing batin padha ngungun gumun, dene kok Ki Reksa isa caos palapuran sing jangkep pepak kaya ngono iku, kamangka mau bendarane olehe ndhawuhi ya nganggo ukara kang padha.

Nalika nutup patemon iku, sing sejatine pasinaon anyar lan wigati marang para wadyane, sang pangeran paring wedharan ringkes.

"Ki Glundhung lan wadyaku kabeh, piye saiki kowe kabeh rak wis padha ngerti ta kenengapa Ki Reksa dak paringi bayar sing luwih gedhe katimbang kowe. Kasaring tembung, ya ngono iku bedane wong kang pinter lawan wong kang bodho. Mula saka iku Ki Glundhung lan wadyaku kabeh, kowe aja padha wegah ngudi tambahing kawruh supaya dadi wong kang pinter ".

Wiwit prastawa ing sore iku, Ki Glundhung wis ora tau maneh grenengan lan meri marang Ki Reksa. Malah  kepara katon anggone kerep nyuwun priksa bab apa wae marang Ki Reksa lan bendarane. Lan amarga seka pasinaon  ing sore iku,  ing tembe Ki Glundhung kasil dadi salah sawijining winasis kang pinunjul ing negarane.

//

Tidak ada komentar:

Posting Komentar