Selasa, 28 Desember 2010

Nguyuh


Nalika mulih ka nggone Mbak Menik pacangane kakang-mbarepe, Satiman ngudarasa ngene,

"Kang, suk lek wis gedhe aku ya kepengin duwe pacar sing ayune kaya Mbak Menik !".

Krungu omongane adhine, Satimin celathu sambi ngakak ngece,

"Owalah Maaan Man, kowe ki jik taman kanak-kanak, jik umur nem taun. Kowe ki nguyuh ae durung jejeg,  lha kok   ya wis ngerti ambek arek ayu barang ta le le  !?!".

Diece ngono iku jan-jane Satiman serik atine. Ning ya arep kepiye, jenenge wae cah cilik, isane ya mung meneng thok.

Seket taun sawise prastawa iku,  nalika Satiman ngeterake Satimin nonton pameran mobil na Jakarta Fair, kakange celathu ngene,

"Man Man, wah jiaaan ! Aku ki jik gemes lek ndeleng arek-arek es-pe-ge sing  ayu-ayu cemiwel iku !"

Krungu rerasane kakange sing ngono iku Satiman kaya entuk kesempatan kanggo males dendam-lama sing wis sumimpen seket tahun lawase.  Ambek  ngguyu kepingkel-pingkel, Satiman mangsuli ngene,

"Oalah kaaang kang Satimin ... kowe ki nguyuh ae wis gak jejeg kok ya jik ngerti  ambek arek ayu barang ta kang kang !"

//
 

Sabtu, 18 Desember 2010

Omah Kanggo Simpenan

[ Ka-inspirasi adhedasar crita nyata ]

Pancen kadhangkala nggoleki omahe kanca nang perumahan anyar iku bisa gawe mumet. Lha ra mumet piye wong wujude, sak cet lan pagere  pisan padha kabeh. Aja maneh mung tamu, lha wong sing manggon anyaran wae ya bisa kesasar nang omahe tanggane.

Mumet anggone nggoleki omahe kanca lawase sing wis suwe ra pethuk, Badrun terus ngendhegake montore na ngarepe sawijining omah, karepe  mono arep nggenahake alamate kancane mau. Kebeneran wae ana priyayi putri  nang teras. Sawangane sing kagungan dalem.

"Kula nuwun bu, badhe nyuwun ... "

Durung nganti ngrampungake uluk salame, sing duwe omah ndadak wis nyauri kanthi wangsulan sing grapyak semanak, ngoceh criwis, kemrecek kaya manuk prenjak.

"Eeee mangga mangga pak. Penjenengan Pak Hamdi ta. Wah sampun kula tengga kawit wau lho. Rak gampil ta madosi griya kula !?!".

Badrun jane ya rada kaget. Apa ya iki ta omahe kancane. Ning sak elinge, bojone kancane dudu priyayi putri iku. Sak elinge bojone ki lencir menik-menik. Dene priyayi putri iki, arepa ya manis nanging kok rada bunder. Apa maneh dheweke diceluk jeneng liya. Ing batin Badrun nggagas, "Halah sing duwe omah genah kleru iki ".

"Anu bu, nuwun sewu, kula sanes Pak Hamdi, kula Pak Badrun !"

"Oalaaah, aku ki kok gampang men kleru ta ya ya. Nuwun sewu lho Pak Badrun,  kula menika cen asring kesupen lan klentu yen bab asma. Menapa malih dereng nate kapanggih. Inggih inggih, mangga mangga Pak, katuran langsung pinarak kemawon. Mangga dipun pirsani nglebetipun griya ingkang kula aturaken ing tilpun kalawau !"

Sak jane Badrun arep nerangake yen sing kagungan dalem kleru. Nanging maneh-maneh lagi wae arep omong wis diajak mriksa omah, nginguk kamar, dhapur, kamar mandi, taman mburi lan sak panunggalane. Ngono iku sing kagungan dalem ambek kemrecek criwis ora isa diselani tembung. Ana wae sing dicritakake. Ya sing hawa perumahan kono seger, ya sing transportasine gampang, cedhak pertokoan, ana sekolahane lan liya-liyane. Pancen priyayi iki ketoke duwe bakat terpendam dadi sales-woman sing tangguh tenan.

"Wah kok suwe men ta iki olehe nrocos, tur kok angel dipenggak. Kok kaya banjir lahar dingin ae. ya Wis lah, kebacut teles. Lek aku blaka mengko malah gawe gelane sing tawa. Ya wis ta lah tak ladenane sdilit. ae", batine Badrun sambi manthuk-manthuk sajak mathuk ngenani kahanane omah iku, arepa sajatine dheweke ya mangkel anyel marga wis kesoren lan durung ketemu omahe kancane.

Bareng wis rumangsa cukup anggone crita, priyayi putri iku takon marang Badrun,

"Nuwun sewu Pak kula badhe nyuwun priksa !"

"Bab menapa bu ?"

"Nuwun sewu sajatosipun penjenengan menika ingkang badhe ngagem griya menapa namung dados perantara kemawon ta? Nuwun sewu lho Pak !", pitakone sing kagungan dalem rada pekewuh.

Badrun sing dhasare pancen  durung ilang ndhugal lan kurang-ajare,  bareng oleh pitakon sing kaya ngono iku rumongsa oleh dalan kanggo nyekak-mat sing kagungan dalem. Ben ndang rampung, ben ndang isa minggat seka omah iku.

"Anu bu .... ngaten. Ning nggih sampun ngantos damel mboten sekeca manahipun ibu. Ngaten bu, kula menika sanes perantara, kula ingkang badhe nyewa griya menika, nanging ugi mboten badhe  kula angge piyambak !"

"Lha lajeng sinten ingkang badhe manggeni Pak ?"

"Anu bu, ngaten bu, kula blaka kemawon nggih bu. Sejatosipun ingkang badhe ngenggeni  menika lare estri simpenan kula !"

Krungu ukarane Badrun sing pungkasan iku sing kagungan dalem mbrabak abang raine. Ambek mecucu sing kagungan dalem mangsuli sengol njabel kramane,

"Pak Badrun, pun ndang mang medal king omah kula. Ra sida disewa ra patheken. Omahku ra arep tak sewak'ke nggo maksiyat. Astapirulaaaah .... amit-amit jabang bayik. !"

Ambek mesem Badrun enggal-enggal mlayu mlebu montore. Sing duwe omah ijih misuh-misuh nalika mbanting lawang omahe.

//

Minggu, 12 Desember 2010

Sing Jik Urip Asuransine



"Le, Senthun !"
"Apa mbok ?"
"Aku ki jane gumun lho le ?"
"Gumun piye ta mbok ?"
"Lha iya, jan-jane mbut-gawemu ki apa ta kok ben byar gonta-ganti kendharaan. Apa makelaran sepheda montor ngono ta le ?"
"Ora ok mbok, ra makelaran !"
"Lha njut gaweyanmu apa le ?"
"Lha iya niru bapak ta mbok mbok, anak maling ya dadi maling. Lha rep piye meneh mbok !"
"Kowe ja kurang-ajar mbek bapakmu ta le le. Kowe isa gedhe tuwa semono iku lek ra direwangi blangsakan dadi maling pa ya isa kelakon ta Thun Thun  ?"
"Aku ki ya ra rep kurang-ajar mbok. Aku ki ya tetep bekti mbek kurmat nyang bapak. Ning aku mung omong sak nyatane ae ta mbok ?"
"Tak andhani ya le, arepa bapakmu ki maling, ning maling ra sembarangan lho le !"
"Ra sembarangan piye ta mbok ?"
"Bapakmu ki yen maling milih-milih, nganggo nyawang-nyawang, nganggo tepa-slira, nganggo rasa-kamanungsan. Sak jege dadi maling bapakmu ki ra tau nyolong bandhane wong mlarat !"
"Lho lek ngono mbok, aku ya ra pati beda mbek bapak !"
"Ra pati beda piye, pa kowe mung nyolong kendharaane wong sugih ?"
"Ya ora mbok, ra mesthi ngono, ya sak lenane sing duwe ae. Ning tak jamin, lek tumindakku iku ra pati ngrekasakke sing kelangan ok mbok  !"
"Lha kok isa le ?"
"Anu mbok, ngene, sing tak colong  iku mung kendharaan sing jik urip asuransine !"
//

Minggu, 05 Desember 2010

Keneng apa kok bayare luwih gedhe ?

( Crita-rakyat seka tlatah Cempa - jinarwa ing swasana jawa. )


Sidharta sawijining pangeran sing seneng ngudi kawruh apa wae, kaya ta kawruh ngenani kewan lan tetuwuhan. Marga seka iku kerep banget sang pangeran dalah para punggawane tindak wana, saba turut kali, munggah gunung, mlebu guwa saperlu nggoleki lan nyinau kaelokaning jagading kewan lan tetuwuhan.

Ing sawijining dina pangeran Sidharta kanthi  didherekake punggawane, nitih baita lelayaran sauruting kali ing satengahing alas, golek-golek kawruh anyar. Salah sijining punggawa sing ndherekake  yaiku Ki Reksa, sawijining juru-tulis sisan dadi juru-sungging,.

Ing sajroning lelayaran kabeh padha katon seneng, ya sang pangeran lan para pandhereke. Amung siji sing kawit mangkat kerep nggresula, grenengan dhewe utawa rerasan marang kanca-kancane. Pawongan iku juru-welah anyaran, jenenge Ki Glundhung. Dheweke nggresula, ngrasani lan uga meri marang Ki Reksa, sing dianggep mung enak-enak ndherek lungguhan, wawan-sabda, guyon, maca, nulis lan nggambar bareng-bareng sang pangeran.

"Wong gaweyane mung lungguhan thok, ora melu rekasa melahi prahu lha kok entuk bayar luwih dhuwur tinimbang awake dhewe sing kringeten krenggosan melahi prahu ki piye ta  kang. Apa  jenenge pangeran sing adil lek ngono iku ?", ngono grenenge Ki Glundhung marang kanca-kancane.

Nadyan ora katon migatekake, nanging sajatine sang pangeran mireng apa kang dadi uneg-uneg lan grenenge Ki Glundhung mau. Nadyan dirasani yen ora adil panjenengane mung mendel wae lan ora duka. Mung wae ing batin panjenengane kepengin menehi pangerten anyar lan penting marang Ki Glundhung dalah kanca-kancane.

Ngancik wayah sore pangeran Sidharta dhawuh nginggirake prau lan ngedegake pasanggrahan prasaja kagem leren lan nginep. Sak jroning para wadya ngedegake tendha pasanggrahan, ndadak ana swara piyik ing satengahing grumbul sing gawe kawigatosane sang pangeran. Lagi wae sang pangeran arep mirsani gegrumbulan mau, ndadak ana swara belo mbengingeh seka tengahing alas. Kemutan rancangane yen arep paring piwulang anyar lan penting marang para wadya-ne, sang pangeran gage nimbali Ki Glundhung lan Ki Reksa.

"Kang Glundung lan Ki Reksa, padha mreneya !"

Wong loro mau ngadhep lan ditutake wadya liyane marga padha kepengin ngerti mbok menawa ana bab sing wigati sing perlu padha dimangerteni.

"Ngene kang Glundung lan Ki Reksa, mau padha krungu ta yen ana swara piyik lan swara belo seka tengahing grumbul lan alas ta !?! "
"Inggih inggih inggih pangeran, sedaya sami mireng.", ngono saur manuk wangsulane para wadya.

"Ngene, aku kepengin ngerti ngenani kahanane kewan-kewan mau. Mula seka iku kowe kang Glundhung, amarga kowe wis cukup kesel anggonmu melahi prau, dak utus mriksa kahanane piyik sing panggonane luwih cedhak. Den kowe Ki Reksa, marga kowe ora kesel melahi prau , kowe dak utus mriksa kahanane belo sing panggonane rada adoh !"

Wong loro enggal budhal, mangkat ngayahi dhawuhe bendarane. Amarga panggonane ora patiya adoh, ora nganti suwe Ki Glundhung wis teka ngadhep.

"Anu gusti, wonten piyik dhawah saking susuhipun !", ngono palapurane Glundhung.
"Eee ngono ya,. Banjur piyik mau piyik manuk apa kang ?", pandangune sang pangeran .
"Wah mboten kula gatosaken pangeran, lha wau mboten dipun dhawuhi  kok !", wangsulane Ki Glundhung kang rumongsa ora entuk dhawuh supaya mangerteni jinising manuk mau.
"Ya wis kana tilikana maneh, delengen piyik mau anak manuk apa !"

Gegancangan Ki Glundhung budhal maneh menyang grumbulan lan ora suwe wis bali caos palapuran.
 "Peksi jalak pangeran ",

"Terus apa ya ana piyik liyane sing na susuh kang ?", sang pangeran nerusake pitakone.

"Wah nggih mboten ngertos pangeran, namung kula tingali saking ngandhap kemawon kok, lha kala  wau panjenengan mboten ndhawuhi ngetang piyik sanesipun !", wangsulane Glundhung setengah nggresula.

"Ya wis kana tilikanan maneh, delengen pira cacahe piyik liyane !"

Ki Glundung mlayu maneh menyang gegrumbulan mau lan ketok kethekelan menek uwit niliki susuhe manuk jalak mau. Ora let suwe wis sowan maneh lan caos palapuran.
"Anu pangeran, wonten piyik tiga ing salebeting susuh !"

"Ooo dadi ana telu sing nang susuh. Lha piyik sing tiba mau mbok balekake na susuhe ora kang ?"

Kanthi rada mbesengut Ki Glundhung matur ngene,
"Pangeran, panjenengan menika menawi paring dhawuh kedahipun nggik ingkang jangkep supados ingkang dipun dhawuhi mboten wira-wiri kados ngaten menika. Lha menika rak malah nyiksa dhateng kawula ta ?", ngono protese Ki Glundhung marang bendarane.

"Ya wis kang, marga kowe wis kesel mloya-mlayu nyang grumbul saiki lerene. Ki Darpa, coba balekna piyik sing tiba mau menyang susuhe kareban ora mati lan biyunge ora susah kelangan anake !", dhawuhe sang pangeran marang Ki Glundhung lan Ki Darpa juru welah liyane.

Ora let suwe Ki Reksa sing diutus menyang sak tengahing alas wis teka. Marga uga kepengin ngerti ngenani kedadeyan mau para wadya liyane, klebu Ki Glundhung, uga banjur melu ngrubung Ki Reksa nalika caos palapuran.

"Piye Ki Reksa, ana kedadeyan apa ?", pamundhut priksane sang pangeran nalika Ki Reksa wis ngadhep.

"Mekaten pangeran, ing sangandhaping wit waringin ageng wonten kapal sak jodho ingkang gadhah belo kalih. Nilik agengipun belo-belo punika umuripun sami , kinten-kinten nembe  kalih taunan. Dene kapal sajodho punika kinten-kinten umur sedasa taunan.  Nanging kula kinten salah setunggaling belo punika sanes anakipun kapal sajodho wau. Amargi awis-awis sanget, malah saged dipun wastani mboten wonten kapal ingkang nglairaken belo kembar utawi langkung. Ugi ningali ulesipun bapa-biyungipun ingkang sami-sami cemeng. Belo ingkang setunggal punika ules pethak resik. Ingkang sampun-sampun menawi bapa biyungipun cemeng, ules belonipun nggih cemeng utawi soklat semu abrit. Mbok bilih belo pethak punika namung kendhang utawi keponthal saking bapa-biyungipun. Dados namung kempal pados kanca kaliyan kulawarga kapal cemeng kala wau !", ngono palapurane Ki Reksa tan pedhot kaya banyu mili.

"Lha kok jaran-jaran mau padha ribut ana kahananan apa Ki ?", sang pangeran nlesihakke maneh.

"Ooo punika ngaten pangeran. Belo-belo punika sami girap-girap amargi wonten sawer ingkang radi ageng ingkang langkung caket wit ringin punika. Dene kapal sajodho wau sami nyobi nggisah utawi mejahi sawer wau. Sawer bandhotan puspa jaler kinten-kinten panjangipun namung setunggal dhepa. Saweripun sampun kula pendhet lan kula bucal tebih saking ngriku. Mesakaken menawi pejah dipun idak-idak kapal-kapal kala wau."

"Pangeran, kula wau radi dangu amargi nyobi damel corekan gambar kapal sajodho tuwin belo-belonipun tuwin nggambar kembanganipun sawer bandhotan puspa menika. Mangga kula aturi mirsani. Dereng sampurna, mangke badhe kula rampungaken.", caos ature Ki Reksa mungkasi palapurane.

---

Pangeran Sidharta mung mesem karo manthuk-manthuk nampa palaporane Ki Reksa sing jangkep lan pratitis mau. Dene wadya liyane, klebu Ki Glundhung ing batin padha ngungun gumun, dene kok Ki Reksa isa caos palapuran sing jangkep pepak kaya ngono iku, kamangka mau bendarane olehe ndhawuhi ya nganggo ukara kang padha.

Nalika nutup patemon iku, sing sejatine pasinaon anyar lan wigati marang para wadyane, sang pangeran paring wedharan ringkes.

"Ki Glundhung lan wadyaku kabeh, piye saiki kowe kabeh rak wis padha ngerti ta kenengapa Ki Reksa dak paringi bayar sing luwih gedhe katimbang kowe. Kasaring tembung, ya ngono iku bedane wong kang pinter lawan wong kang bodho. Mula saka iku Ki Glundhung lan wadyaku kabeh, kowe aja padha wegah ngudi tambahing kawruh supaya dadi wong kang pinter ".

Wiwit prastawa ing sore iku, Ki Glundhung wis ora tau maneh grenengan lan meri marang Ki Reksa. Malah  kepara katon anggone kerep nyuwun priksa bab apa wae marang Ki Reksa lan bendarane. Lan amarga seka pasinaon  ing sore iku,  ing tembe Ki Glundhung kasil dadi salah sawijining winasis kang pinunjul ing negarane.

//

Selasa, 30 November 2010

Sing Paling Jujur lan Bener

[ Crita seka tanah Polandia lan Bohemia ]


Ing desa Bohnice, Vlad lan Anna Petrovsky lagi antuk kabagyan-agung, marga Anna mentas nglairake bayi wadon sing sehat, nyempluk lucu sumeh plewah-pleweh. Kadidene wong padesan umume, tangga teparone padha teka nyambangi, tilik, nakyinake lan uga melu ngrasakake kabagyane kulawarga Petrovsky.

"Dhuuuh Anna, anakmu lucu tenan ya. Mesthi suk yen wis gedhe bakal dadi prawan ayu kaya ibune. Vlad, piye yen mbesuk awake dhewe besanan ?!?"

"Walaaah ndhuuuk, anakmu kok cumlorong cahyane. Tak kira suk yen wis diwasa bakal dadi bocah sing pinter !"

"Vlad, ndeleng anakmu sing sumeh plewah-pleweh ngono iku nandhakake mbesuk yen wis gedhe bakal sugih kanca lan disenengi wong akeh !".



Ngono ing antarane pangalembanane tangga-teparone marang bayine Anna lan Vlad, pangalembana sing mesthi wae gawe mongkoge wong tuwane.

Nanging salah sawijining tangga, Marya, wanita tuwa sing kondhang marga seka jujure, nalika krungu pangalembanane tangga-tangga liyane terus micara ngene, 

"Anakku Anna lan Vlad, tak kandhani ya ndhuk lan kowe thole, ing tembe anakmu iku bakale mati !" 

//

Kamis, 25 November 2010

Mancing

"Min, ben dina kowe ki kok mung lunga mancing ae ta , mangka kasile ya ra mbejaji ?!?"

"Ngge ngicali setres'ok Dhe !"

"Lha setres kok ben dina, ana masalah apa ta Min ?"

"Setres mikir mbeten gadhah damelan Dhe ?"

"Lha ra nduwe gaweyan kok mung plesiran ae ta, mbok kana golek gaweyan !"

"Ah sampeyan niku nggih mboten nalar'ok Dhe !"

"Lho, aku ra nalar piye ta Min ?"

"Kapan oleh kula saged golek damelan wong ben dina kula mancing !"

//


Senin, 15 November 2010

Padha ra umume.

"Dhog dhog dhog ..... kula nuwun Mbak, dereng sare ta ?!?"
"Ana apa Min kok jam telu bengi dhodhog-dhodhog mertamu, ra ana awan pa piye !?!"
"Anu Mbak, badhe nyuwun iyuran bulanan !"
"Kowe ki jan ra umum, jam telu bengi 'ok nagih iyuran ta Miiin !"
"Halaah sami Mbaaak mboten umume !"
"Lho, lha kok padha, karepmu piye ta Min ?"
"Hla napa njenengan nggih umum, wong kondur ka kantor kok ajeg jam telu bengi !"

//

Rabu, 10 November 2010

Kuliah Malam


"Mas, Pak Man teng pundi, kok becake sampeyan cepeng ?"
"Ooo anu mbak, Kang Man wangsul ndhusun, becake ken nyepeng kula!"
"Lha sampeyan sinten mas ?"
"Kula Min mbak, rayine Kang Man. Njenengan sinten mbak kok kenal kakang kula?"
"Kula Tun mas, lengganan becake kakang sampeyan "
"Lha ngga ta kula dherekke, ajeng ndak pundi ta kok dandane le ayu men !"
"Ah mase ki lagi kenal ae kok wis wani nggodha lho ... ajeng kuliah ok mas !"
"Lah bengi-bengi ngeten kok ajeng mangkat kuliah. Teng pundi ta mbak sekolahe?"
"Ah isin kula ah, nembe mawon kenal kok kon blaka ... eeengg ...nganu mas, kuliah teng ATANTEG."
"Atanteg, sekolah napa niku mbak ?"
"Halaaah sampeyan mung ethok-ethok gak ngerti .... akadhemi etan tegelan !"
"Owalaaah ... ngriku ta mbak. Pun pun, kula ngertos nggone !"
"Adhuuuh dadi tambah isin kula mas !"
"Pun mbak ... rasah isin barang. Bojo kula nggih alumni ILP ok mbak !"
"ILP ? Sekolah napa niku mas ?"
"Institut Lor Palang."
"Walah senasib mbek kula nggih. Anu mas, lek mboten mbecak sampeyan mbut damel teng pundi dina-dinane ?"
"Kula dhines teng AKIK mbak !"
"Akik ? Perusahaan napa niku mas, toko sing sade ali-ali nggih ?"
"Sanes .. niku lho ... Akadhemi Kidul Kali ... kaya ra ngerti ae mbak-e ki !"
"Qi qi qi ... mas Min ki nganggo ndhagel barang, melu-melu gawe singkatan. Rekaos nggih mas awake dhewe niki !"
"Pun mbaaak ditrimak-trimakake mawon, wong jane awake dhewe niku rak nggih mung kepeksa nglampahi ta."
"Enggih mas ... umpamaa tiyang sepuh kula gaduk le nyekolahke jane kula mbiyen pengin dadi bidhan ok mas. Ning nggih pripun melih, kawontenan sing meksa kula kuliah teng Atanteg ngeten niki !"
"Ah pun pun .. ampun digalih lebet-lebet, ngko ndhak tambah nglara ati. Ngga ndang cepet budhal, mengke njenengan telat lho, engko didukani pak dhosen !"
"Alaaah maaas ... pun santai mawon, telat mbeten napa-napa, wong dhosene nggih remen-remen mawon lek dikon ngenteni mahasisiwi-ne ok. Tur melih lek dhosene mboten sabar ngenteni nggih ben mulih mawon, wong dhosen liyane nggih tesih kathah ok mas !"
---
Gentheyat gentheyot, alon lakune becak mangkat menyang ratan remeng-remeng wetan pabrik tegel. Wong loro sing sak durunge gayeng geguyonan saiki mung meneng-menengan kagawa pangangene dhewe-dhewe. Wengi samsaya krasa atis lan nglangut - kaya nglangute angen-angene Yu Tun lak Pak Min.

//

Kamis, 14 Oktober 2010

Motor Balap

 

"Nut, Panut, ... reneya le !"

"Nun dhawuh Dhe, ajeng didhawuhi napa ta ?"

"Ora ngapa-apa. Iki aku mung diwelingi budhemu kon nukokke sepedah motor nggo kowe. Gelem ra ?"

"Walaaah kok repot-repot ta budhe niku. Ning hla wong diparingi rak nggih mboten prayogi lan mboten wicaksana lek nampik rejeki ta Dhe. Hainggih mangga ...mawon, nggih nuwun sanget Dhe !"

"Hla kowe rep milih endi, kae ana sekenan motor balap kaya ndhek'e Palentino Rosi. Ketoke cocog nggo cah enom kaya kowe Nut !"

"Ah mboten Dhe, pun pundhutke sepedah motor biyasa mawon, sing lumrah mawon."

"Lho piye ta Nut, arepa seken sepedah motor balap ki luwih larang lho ?"

"Ah mboten Dhe, ajenga sae lan awis motor balap niku ngrepotke'ok."

"Ngrepotke piye ta Nut ?"

"Cobi ngga dipirsani kekirangane setunggal-setunggal Dhe."

"Piye jal ?"

"Sepindah : motor balap niku mboten onten jagrag-e, setandrat-e. Niku lak repot lek ajeng parkir, ndadak golek uwit napa buk ngge sendhenan.

Ping kalih : motor balap niku mboten onten lampune. Hla rak repot lek dingge wayah dalu.

Ping tiga : motor balap niku mboten onten sing ngangge riting. Niku lak ngrepotke piyantun sing teng wingking. Tur malih, lek tanggal sepuh kerep dilirik pulisi.

Ping sekawan : motor balap niku mboten onten setater-listrike, mboten dipasangi pengkal ngge nyetater. Lek nglakok'ke ndadak disurung. Kersa ben dinten njenengan nyurung ?

Niku dereng sepintena Dhe. Kekirangane sing nomer gangsal, perkara lek ngge ngojek. Hla mbakyu-mbakyu bakul lengganan kula nika napa nggih purun kula boncengke ngangge motor ngoten niku ?"

"Lho piye ta Nut, lak ya malah tambah gengsi ta ?"

"Sanes bab gengsi Dhe, ning mbakyu-mbakyu niku napa nggih purun mbonceng kalih NJENTHIT-ke BRUTU ?"

 

//

Senin, 06 September 2010

Sami Mawon

( Facebook Kawruh Jawa, 6 September 2010 )


"Pak sampeyan ya biyasa mancing na tengah segara kene ?"
"Sak jane nggih awis-awis, biyasane nggih mung ten pinggir nika. Pripun ta !?!"
"Lek kene iki jerone kira-kira pirang meter Pak ?!?".
"Ayake kinten-kinten mung kalih-atusan meter. Lek pinggir ngrika kinten-kinten selangkungan meter. Pripun ta ?!?"
"Aku gak isa nglangi !"
"Oooo ngoten ta. Laaah pun diagem sekeca mawon Maaas.Lek mboten saged nglangi, jero-cethek lak nggih sami mawon."
"Padha wae piye ta Pak ?!?"
"Lek praune kuwalik sami-sami tahlilane ta Mas !."




-

Sabtu, 04 September 2010

Pekewuh

( Facebook Kawruh Jawa, 4 September 2010 )


"Tholeee, arepa kowe ki tiba enom ning lek ngerti kakangmu salah mbok ya kandhanana ta !" 
"Ah mboten mbah, kapok kula !"  
"Kapok piye ta ?"  
"Anu mbah, malah dadi pekewed !" 
"Pekewuh piye, pa kakangmu ra gelem dikandhani pa ?"
"Jane nggih puran-purun mawon, ning kula malah genti dikandhani je !"  
"Ooo dadi kakangmu malah rumongsa bener ta ?"  
"Nggih mboten mbah, ning nganu ... kula malah dikandhani lek sing salah niku jan-jane simbah dhewe !" 


-

Rabu, 01 September 2010

Wong Pinter

( Facebook Kawruh Jawa, 1 September 2010 )

"Mas, onten perlu napa ta kok kula tingali kit wau mondhar-mandhir mawon ten ngriki ?"
"A' anu mas satpam, napa leres ngriki dhusun Ringin Harja ?"
"Enggih leres, lha ajeng madosi sinten ta ?"
"Anu mas satpam, ajeng madosi tiyang-pinter. Kabare dhusun ngriki onten tiyang pintere."
"Ooo enggih mas, mriki onten tiyang pinter tiga. Lha sing dikersak'ke sinten mengke kula terke."
"Anu mas satpam, tiyang-pinter sing saged nambani tiyang ke-santhet ."
"Wah lek sing ngoten niku mboten onten ten ndhusun ngriki mas !"
"Lho wau ngendikane onten tiga, pripun ta ?"
"Nggih leres onten tiga, nika Pak Min tukang parasi tipi, Pak Na guru es-te-em,  kalih nika Bu Prapti dosen matimatika !"

.

Selasa, 31 Agustus 2010

Ting We

( Facebook Kawruh Jawa  31 Agustus 2010 )

"Min, koen percaya gak lek aku ki jik turunan Kraton mBlambangan ?"
"Ah gak ngandel !"
"Lek gak percaya iki lho delengen serat-kekancingan silsilahku ka kraton !"
"Ah aku tetep ae gak percaya Man !"
"Lho kok tetep gak percaya iku dhasarmu apa Min ?"
"Lha iku buktine, rokokmu Ting We !"

.

Minggu, 29 Agustus 2010

Hla ning kowe dhewe piye ?

( Facebook Kawruh Jawa, 29 Agustus 2010 )


"Tak andhani Min, mbahku mbiyen lurah sing sugih dhewe sak kabupaten !"

"Ngono ta ! " 

"Kuwi durung Min, mbahku iku orang pertama sing gawe bendungan nggo mbanyoni sawah-sawah na dhaerah kene."

"Weh weh weh elok tenan mbahmu Man !"

"Jik maneh Min, mbah Ja mbek mbah Na adhi-adhine mbahku sing lurah iku, dadi pejuang sing mimpin gerilya na wilayah wetan mbek kulon bengawan !"

"E e e e .... ngono ya !"

"Hebat ya Min keluargaku !"

"Ha'a jan ngedab-edabi tenan leluhurmu. Hla ning kowe dhewe piye Man ?"

"Ng ng ng nganu .... ak ak ak aku ng ng ng nganu !"

.

Jumat, 27 Agustus 2010

Old Soldier Watuk !

( Facebook Kawruh Jawa, 27 Agustus 2010 )

"Uhuk heeeh heeeh .... cah bagus ...heeeh .... aja rumongsa yen kowe jik gagah pideksa ... heeeeh heeeh .... arepa aku wis tuwek ngeklek ompong peyot .... uhuk .... jroning nala aku ki jik prajurit sejati .. uhuk .... sing siyaga ndhepani bantala ... uhuuk uhuk uhuk ..... koeeeek juh ..... tekan ngendi ki mau ... heeeh "

"Tekan nggen bantala mbah !"

"O iya ... heeeh .... wis tuwa lalen ....  tak teruske ya sumbarku .... heeeeh .... sing siyap siyaga ndhepani bantala dadi bantene praja ... uhukk ... heeeeh heeh. Lena pangendhamu kena tak tebak dhadhamu sida /"

"Sida watuk kiyambak nggih mbah !"

"Ha'a .... heeeh heeeh uhuk .... jupukna balsem le .... heeeh !"

"Pun mbok setrihat riyin ta mbah. Mbok emut simbah niku pun sepuh lho, boyoke lho mbah !"

"Ha'a .... heeeh heeeh ... tak turu dhisik ya ... uhuk .... Ko lek perange meh rampung simbah gugahen ... uhuk uhuk ... khoeekkk juh !"


.

 

Kamis, 19 Agustus 2010

Supena

( Facebook Kawruh Jawa, 19 Agustus 2010 )



"Min, iki mejane kok rada oglak-aglik. Ganjelen sithik ya, aja nganggo nganggo kertas biyasa, nganggowa seket-ewunan anyar rong lembar dilempit mrapat rak wis cukup !"
"Nggih juragane !"
"Terus iki sepatuku mau kena bledug, ndang lapana nganggo satusan-ewu. Sing anyar lho Min, kuwi jupuken dhewe ka tumpukan dhuwik na ngisor lemari !"
"Nggih juragane. Terus bar ngge ngelap yatrane diwangsulke ngriku melih napa pripun ?"
"Owalah Miiin Min, aku ki wong mbleghedhu lho, dhuwik wis reged ya dibuwang ta. Ning lek arep mbok openi ya ra papa. Nggo apa ta Min ?"
"Nggih nuwun juragane, wingi dhuwik-dhuwik bekas ngge ngelap nika nggih kula klumpukake 'ok. Lumayan den, pun nglumpuk keneng ngge nyicil griya !"
 

* * * * * * 

"Man Man, ndang tangi wis awan ki lho. Turu kathik karo pecuca-pecucu ki ngapa ta Man ?"
"Heh heh .. ana apa ana apa Min .... ngaget-ageti ae ! Waah nyilakak'ke tenan'ok Min kowe iki !"
"Lho piye ta, nggugah wong turu kawanen kok malah diarani nyilakak'ke ki genahe piye ta ?"
"Lha kowe ki ndadek'ke aku mlarat meneh !"
"Lho piye ta, lha rak kowe ya pancen mlarat ta ?"
"Ora ngono Min, aku mau lak lagi ngimpi dadi wong sugih mbleghedhu, lan kowe dadi kethiplakku !"

-

Kamis, 12 Agustus 2010

Ngisahi

( Facebook Kawruh Jawa, 12 Agustus 2010 )


"Pak, sega goreng rong piring mau pira ?"

"Sedaya kalih-dasa mas. Lho, piringe kok pun resik, nuwun nggih mas ndadak kersa repot-repot ngisahi barang !"

"Ngisahi ..... aku rewangmu pa ?!?"

"Lha niki thik piringe pun dha resik kinclong, pripun ta ?"

"Tak dilati !"

 

.

Minggu, 08 Agustus 2010

Lali nutup

( Facebook Kawruh Jawa, 23 Agustus 2010 )

"Mas, sak suwene dadi gentho lagi iki lho aku isa kepistul !"
"Ngono ta mbah, jik beja mung tak pistul sikilmu duk gundhulmu !"
"Mangka aku ya wis ngrapal tameng-waja jangkep, kok ya sik isa kena. Lha sasi kepungkur aku mbok pistul rak ya gak kena ta Mas ?"
"Ha'a, sasi pungkur aku gurung reti rahasiamu 'ok mbah !"
"Weh sampeyan meguru nang ndi ta mas, kok ampuh men isa nembus tamengku ?"
"Gak meguru nang ndi-ndi 'ok mbah, mung wae dhek sore pas ndingkik kowe aku krungu rapal-mu !"
"Hla mbok krungua lek gak nglakoni sarate ya gak mandi  mas mas !"
"Ngono ta .... mandiya ngono ning rapal-mu mau gak jangkep, jik bolong. "
"Halaah pa ya ta, biyasane rapalku ya mung ngono ae ok mas, nang ndi bolonge ?"
"Mbah, coba balenana rapal-mu mau, engko tak andhani bolonge !"
"Dak sawang lor kidul wetan kulon lan sakupengku kabeh rapet kinurung tameng waja ... ora ana gaman lan pelor sing isa ngenani angganingsun, Piye mas ndi bolonge jal ?"
"Lha ya kuwi mbah, kowe lali nutup ndhuwur. Mulane aku mau menek wit ben isa ngentel kowe !"
"Lek ditutup njur ambeganku piye mas ... lak ya malah mati keplepegen no ?!?"
"Goblog kowe mbah, ...... nggawa oksigen !".


Sabtu, 07 Agustus 2010

Ngiwa

( Facebook Kawruh Jawa, 7 Agustus 2010)


"Kok dheleg-dheleg ngapa Man, pa merga ditinggal dhines luar kota mbek bojomu ?"
"Ora perkara ditinggal Satini 'ok kang !"
"Lha perkara apa, apa kowe sumelang lek bojomu ngiwa ?"
"Lha ya iku kang !"

"Kira-kira sapa Man wong lanang iku, engko tak bekakake, aku ya trima adhiku nggo dolanan nguwong !"
"Ora ora ngono kang, ora perkara ngiwa karo wong liya, iki ora perkara slingkuh."
"Lha karepmu piye ta Man, ra dhong aku ?"
"Anu kang, wis seminggu iki Satini rak gulune tengeng, ra isa noleh ngiwa. Piye jal lek arep menggok ngiwa, pa ra mesakake !"

 

.

Rabu, 04 Agustus 2010

Mathuk

( Facebook Kawruh Jawa, 5 Agustus 2010)

"Piye ta Man, kowe ki ditari rabi kok mengka-mengko wae.""
"Dereng onten kodepan sing nyanthol ati kula'ok pak !"
"Njur sing mbok pengini sing kaya apa ta Man, Sarmini kae kurang manise nang ngendi ?"
"Anu, kalih dhik Sarmini kula dereng angsal kemistrine'ok Pak !"
"Apa kowe pengin kaya sing nang poto iki ?!?"
"Pundi pak, cobi ningali. ....... O enggih enggih, kula mathuk lek kalih niku, pun ndang njenengan lamarke ta pak .... pun  mathuk thuk tenin kula !"
"Mathuk byathukmu mlenthuk Man ... lek gaduka mono aku dhewe ya mathuk, ra sah ndadak tak tawak'ke kowe !"

Wedi

( Facebook Kawruh Jawa, 4 Agustus 2010 )


"Wong jawa kok wedi dosa !"

 

PLAK PLOK PLAK PLOK 

 

"Wis ndang muniya maneh yen pengin tak pindhoni Min !"

"Mbeten'ok mbah, kula mung anu'ok "

"Mung anu apa !?!"

"Mung nirok'ke mase sing dhuwur nika lho ... ! "

"Kae ta sing marahi .....?"

"Enggih, ... napa ajeng mang paringi PLOK sisan kados kula ta mbah !"

"Wah nek ambek kae aku gak wani Min ! "

"Pripun ta ?"

"Anake juraganku !"

 

.

Intelektual (itas)

( Facebook Kawruh Jawa, 3 Agustus 2010 )


"Ndhuk cah ayu lan kowe thole cah bagus, tak kandhani ya, arepa sekolahmu wis semester sewidak-likur, ning aja dha adigang adigung adiguna, aja dha rumongsa yen tingkat intelektualitas-mu uga wis semester sewidak-likur. Amarga tingkat intelektualitase manungsa iku durung mesthi linier karo dhuwure pawiyatan formal sing wis tau dilakoni."

 

"Aja dha kaget yen mbesuk kowe ketemu wong ndesa adoh ratu cedhak watu sing ra tau mangan dhingklik sekolahan, nanging jebul duwe tingkat intelektualitas sing dhuwur. Tak tuturi ya nggeerrr, intelektual(itas) iku :
(1) [noun] : a person who uses the mind creatively
(2) [adjective] : involving intelligence rather than emotions or instinct
"

---

"Dha ngerti ra ? "

"Nggih mbah !"

"Ya wis kana ndang turu, simbah tak neruske pesbukan."

 

.

Senin, 02 Agustus 2010

Sukses

( Facebook Kawruh Jawa, 2 Agustus 2010 )
  
Ukuran Sukses Iku Werna-werna. Kedadeyan iki watara 4 tahunan kepungkur nang setasiun ngGambir, rerasane mbak-mbak prt sing dha arep kondur mudhik lebaran menyang ndesane. Ndilalah kok ya lenggahe nang mburiku, dadi aku ya krungu rerasane. Ngaten niki critane :


"Lha yumu kae saiki pa ya jik na Penang ta dhik ?"

"Ora'ok mbak, dheknene saiki na Jakarta, jamu gendhong. Saiki wis sukses 'ok. "

"Ha'a ta, pa sida duwe warung dhewe ?"

"Ya durung mbak, ning saiki hape-ne wis kelir ambek nganggo kodhak."

 

.

Minggu, 01 Agustus 2010

Melu Mampir

( Facebook Kawruh Jawa, 1 Agustus 2010 )


"Ka Cirbon nang Jakarta kok nganti pitung jam ta Min. Kecelakaan pa macet ?" 
"Mboten 'ok. Lha kula lak dereng nate arah Jakarta ta Dhe !"
"Lak wis tak kandhani ta, ngetutna ae mobil-mobil plat B sing ngulon"
"Lha nggih niku masalahe, mobil sing kula tut-ke mampir motel."
"Njur kowe piye ?" 
"Nggih melu mampir !"

.

Minggu, 25 Juli 2010

Ulang Tahun

( Facebook Kawruh Jawa, 25 Juli 2010 )

"Yang, kowe ki lali pa nglali ta ?"

"Lha ana apa ta dhik ?"

"Dina iki lak aku ulang tahun !"

"Lha ya ra lali dhik, aku mung ra seneng ambek ulang tahunmu !" 

"Kok aneh ta Yang, seneng wonge kok ra seneng ulang tahune ?"

"Kon seneng piye, wong ulang tahunmu tanggal tuwa, mangka jalukanmu mesthi werna-werna !"

 

.

Jumat, 23 Juli 2010

Daun Muda


( Facebook Kawruh Jawa, 23 Juli 2010 )

 

"Anu nggih Dhe, Mbah Ja niku arepe pun meh sewidak ning ketingale tesih patangpuluhan. Jamune gek napa nggih ?"

"Ngertiku ra jamon Min, mbokmenawa ae merga kumpule mbek daun muda !"

"Lho napa enggih ta Dhe, kula nembe ngertos lek Mbah Ja gadhah mbok enom ?"

"Husss cangkemmu Min, utegmu ki mung nang dhaerah kono ae. "

"Lho pripun ta Dhe, lha rak pun jelas ta ?"

"Pun jelas gundhulmu amoh. Tak kandhani ya, Mbah Ja ki mandhor perkebunan teh !"

Sabtu, 10 Juli 2010

Londri

( Facebook Kawruh Jawa 23 Juni 2010 )

"Sak ploke dipek bojo Yu Jah kok tangimu karipan terus ta Man ?"
"Ho'oh !"
"Jake ben mbengi kelegan ya Man ?"
"Kelegan apa, remek iya !"
"Walah .. bojomu thik giras men ta, thik le nganti remek ?"
"Giras apa, ngorok thok. Aku ki dipek bojo lak mung dialap bauku ae, tenaga gratis, nggo umbah-umbah. Kowe ngerti dhewe ta, bojoku lak pengusaha londri !"

Katresnan

( Facebook Kawruh Jawa 21 Juni 2010 )

"Dhik kowe wis duwe sepeda-motor pa rung ?"
"Durung ki Yang, arep di-pundhut-ke pa, wernane sing abang ya Yang !"
"Ya wis, nek ngono tudingen ae pilihanmu,  engko tak colonge !".

Rabu, 07 Juli 2010

Minimalis

( Facebook Kawruh Jawa 7 Juli 2010 )

"Pak, iki pitakon sak durunge sampeyan ditampa dadi pegawai. Fasilitas omah endi sing arep mbok pilih, gaya tradhisional apa gaya minimalis sing lagi ngetren ?"

"Anu bu, kajenge ngetren kula pilih modhel minimalis mawon. Anu, nuwun sewu lho bu, napa setiap pegawai baru teng ngriki diparingi fasilitas omah ta ? .... Wah beja tenan aku."

"Ah ya rak ta ya, sampeyan lak mung operator ae. Aku sebagai ha-er-dhe duwe kewajiban mriksa selera  calon pegawai. Ya wis lek ngono, saiki aku wis ngerti. Gaji sampeyan nang kene digawe minimalis ae ya, disesuaikan ambek selera sampeyan !".

Sabtu, 26 Juni 2010

Rasis v/s Ndremis

( Facebook Kawruh Jawa 26 Juni 2010 )

"Man, kowe njagoni sapa ?"
"Ya genah Korea no !"
"Lha ngapa ta ?"
"Lha genah padha-padha wong Asia-ne ngono'ok !"
"Oooo lek ngono kowe jik kasinungan jiwa RASIS !"
"Ya wis ben .... lha lek kowe njagoni sapa Min ?"
"Lek aku njagoni Uruguwai"
"Kowe kok aeng men, ra lumrah, lha ngapa ta Min ?"
"Anu ... negarane padha-padha kerep njaluk bantuan asing !"
"Oooo lek ngono kowe ki jik kasinungan jiwa NDREMIS !"

Senin, 21 Juni 2010

Omah Anyar

( Facebook Kawruh Jawa 21 Juni 2010 )

"Dhik, iki omah anyar nggo tandha katresnanku !"
"Adhuuuh kok semono gedhene katresnanmu ta Kang, ning lha endi sertipikate ?"
"Sertipikate mbahmu pa, iki omah kontrakan !"

Minggu, 20 Juni 2010

Nylekethe

( Facebook Kawruh Jawa 20 Juni 2010 )

"Jih esuk ngene kok ledhis men kowe le .... wis adus durung ?"
"Empun 'ok Dhe ....., wingi !"
"Lha wis sarapan durung ?"
"Dereng 'ok Dhe ....., nembe klebonan mie !"

Sabtu, 19 Juni 2010

Cita-cita

( Facebook Kawruh Jawa 19 Juni 2010 )

"Piye ta ndhuuuk ndhuk ... kowe ki kok ra gelem sekolah njur yen wis gedhe arep dadi apa kowe ?"
"Dadi manten mbok !"

Pesbukan

( Facebook Kawruh Jawa  19 Juni 2010 )

"Oalah tholeee cah baguuuus, kowe ki awan mesbuk, bengi mesbuk, tangi turu gregah mesbuk. Apa ra duwe gaweyan liyane ta leee. Mbok kana ngapa ta ngapa nang ndalan golek dhuwit !".
"Lho anu 'ok buk'e, kula teng ngarep leptop niku nggih pados yatra 'ok. Niki lho, kula lagek mbongkar akun-e tiyang-tiyang ..... kula ngge ngapusi kanca-kancane !"
"Oooo ngono ta ... ya wis, nek ngono terusna !".

Jumat, 18 Juni 2010

Mlipir, Nyeblak

( Facebook Kawruh Jawa 18 Juni 2010 )

"Ngapa Man ndengaren bengi-bengi rene ?"
"Ora 'ok !"
"Ora piye !"
"Anu 'ok !"
"Anu piye !"
"Anu ... yen ana rong puluh wae kang, nggo udud nonton bal !"

Minggu, 06 Juni 2010

Obat Kumis

(Facebook Kawruh Jawa 6 Juni 2010 )
Crita Mikro Crita Mini



Wis seminggu iki Ngatmin di-benum dadi satpam pasar. Bocahe mono dedeg-piyadege ya gedhe gagah prakosa merbawani. Nanging arepa ngono dheweke isih durung rumongsa cukup berwibawa. Perkarane mung siji, Ngatmin ora duwe brengos ngepel sing nggathutkaca kaya brengose Lik Mun boss-e.

Telung minggu pisan neng pasar kono ana tukang obat keliling sing dodolan obat lan jamu maneka warna kaya ta obat kuat, obat rematik, salep eksim, obat jerawat, obat lara untu, obat wahing lan ora keri obat-kumis ( salep penumbuh kumis ). Lha ya dagangan sing keri iku sing marahi dadi crita, obat kumis. [ O ya tak kenalna dhisik, tukang obat mau jenenge Ram Singh, bapake arepa asli India ng wis manggon suwe nang mBonang, dene simboke asli wong Sidoarjo. Neng pasar kono undang-undangane Cak Ram ].

Marga kadereng kepengin duwe brengos sing ketel ngepel, tanpa konsultasi dawa-dawa karo Cak Ram gage wae Ngatmin mbayari obat kumis sing wujude kaya lipstik kae. Ing mbatin Ngatmin wis ngentha-entha mendah kayangapa gagahe yen wis duwe brengos kaya Lik Mun. Wis ta lah bakal tambah berwibawa lan mbok menawa wae prawane Mbokdhe Nah bakul areng kae bakal gelem nglirik dheweke.

Kaya dene sing lumrah, kerep wae pangangen-angen iku beda karo kasunyatane, beda karo sing dikarepake. Semono uga pangangen-angene Ngatmin. Telung minggu candhake, nalika Cak Ram bali bukak dhasaran nang pasar kono, dadi ana ontran-ontran cilik marga Ngatmin ngamuk marang Cak Ram.
" Cak kowe tukang apus-apus tukang nyilakak'ke wong ya. Obatmu palsu dan berbahaya. Yen tak laporke Lik Mun kowe mesthi ra oleh dodolan nang pasar kene "
" Sik sik kosik ta Min, ko'en iku esuk-esuk kok wis ngamuk pundhung ki bar nguntal apa ta Min"
" Wis ja kakeyan bacot cak, delengen iki korban obat-kumismu iki.",  ngono iku Ngatmin karo nuduhake driji panuding tangan tengen.

Bareng weruh driji mau, Cak Ram lan wong-wong sing padha ngrubung gendrane Ngatmin sanalika padha kaget lan ora antara suwe dha njur ngguyu ngakak cekakakan. Lha ora ngguyu piye, pucuk drijine Ngatmin thukul rambut ketel nganti wujude kaya sikat kakus kae. Bareng olehe padha ngguyu radha lerem kanthi sareh Cak Ram nakoni Ngatmin ngene,
" Min, ko'en maca gak petunjuk cara penggunaan obat kumis mau ?"
" Ya ra sah diwaca ta cak, kok repot men !" wangsulane Ngatmin sengol.
" Lha njur piye nggonmu namakake obat mau Min ?"
" Ya biasa wae, kaya nanggo salep kae, tak dulit nggo driji njur tak oleske nang ngisor irung. Lha piye ta cak kudune ?", saure Ngatmin sing wiwit rada sareh.
" Loooo yok apa se ko'en Min .... gage wacanen petunjuk penggunaane ", kandhane Cak Ram karo ngguyu cekakakan.

Kanthi rada dheg-dhegan Ngatmin maca petunjuk sing tinulis nang wadhah obat kumis sing kaya lipstik iku. Unine ngene :
AWAS OBAT KERAS DAN BERBAHAYA.
JANGAN SAMPAI SALAH MENGGUNAKANNYA.
OLESKAN LANGSUNG PADA KULIT
YANG DIINGINKAN TUMBUH RAMBUTNYA !

Jumat, 04 Juni 2010

Nggambar Dhuwit

(Facebook Kawruh Jawa 4 Juni 2010 )

Sawijining dina aku ketemu karo kenalan lawas. Bar kon tinakon keslametan aku nakokake kahanane kakange sing wit bocah pancen ndregil tur mbelis.
"Yu, kakang sampeyan nika sak niki teng pundi ?"
"Anu dhi, nembe playon !"
"Lho awan-awan ngeten kok playon ta yu, napa pun mboten genep ta ?"
"Mboten'ok dhi, playon dioyak polisi !"
"Lha napa ngriminal melih ta ?"
"Enggih, nyat kakang kula nika wong gemblung 'ok. Lha nika, dhek anu nika kalih rencang-rencange ethok-ethoke dha nggambar dhuwit."

Bacem

( Facebook Kawruh Jawa 4 Juni 2010 )

"Mbah sampeyan kok olehe pinter damel bacem ta ? Bacem tahu kalih bacem tempene jiaan uenak tenin lho mbah !"
"Ra enak piye ta le le ..... aja maneh mung tempe tahu, watu karo wesi wae yen tak bacem ya mesthi bakal dadi enak 'ok !".

Kamis, 27 Mei 2010

Ondhe-ondhe

(Facebook Kawruh Jawa 27 Mei 2010 )

Critane ngene. 

Ing sawijining dina ana priyayi jawa judheg marga bubure kacang ijo rada kesuwen nggondhoge nganti meh garing. Nanging dhasar priyayi iku kreatip ing babagan kuliner, lan ndilalah wektu iku lagi ngedang ketan, priyayi iku kagungan idhe nggawe klenyem - ora seka parutan pohung lan diiseni gula, nanging seka ketan lan diiseni bubur kacang ijo sing rada garing.

Nalika arep nggoreng kok krasa ora kepenak marga pliket. Ndilalah maneh priyayi iku kagungan wijen turahan nggo gawe sambel wijen wingenane. Sepisan maneh pancen priyayi elok tenan. Tinimbang pliket neng tangan dicoba digulung-gulungake neng nggon wijen-wijen mau. Eeee ndilalah saka kersaning Allah, lha kok malah dadi lan endahe, klenyem ketan isi kacang ijo dikemuli wijen. Bareng digoreng, lha kok enak tenan rasane. Wektu iku priyayi iki ora ngangas apa jenenge klenyem versi baru iki.

Kaya biyasane priyayi iki remen kirim-kirim tangga teparone, kanggo tandha raketing paseduluran. Salah sijine tanggane priyayi seka Bukit Tinggi. Bareng priyayi Sumbar iki nyoba ngrasake kiriman mau sanalika mbengok "Ondhe ondhe ... alamaaaak enaknyo Bu !". 


Priyayi jawa mau ya rada kaget, bareng ngawuningani jebule klenyem ketan isi kumbu (kacang ijo) dikemul wijen sajake wis populer ing masyarakat Sumbar. Wiwit wektu iku nganti seprene klenyem model anyar mau dening masyarakat jawa diarani ondhe-ondhe.

Minggu, 23 Mei 2010

Mbota

( Facebook Kawruh Jawa 23 Mei 2010 )


"Bapakmu lagi nang endi 'yah mene kok durung neng ngomah ?", ngono pitakonku marang Sarmin anake Lik Marta kenalanku lawas nalika aku menyang ngomahe.
"Anu kang, nembe MBOTA teng kidul pabrik, sawahe Mbah Samad !".
"Ya wis tak susule wae !".

Sambi ngglindhing nyang sawah kidul pabrik aku nggagas apa ta MBOTA iku. Ora ketemu wangsulane. Wis 'ko wae tekan sawah rak ngerti lan isa takon.

Bareng wis tekan sawahe Mbah Samad aku lagi dhong apa karepe tembung mau. Jebulnya, jebulipun, Lik Marta lagi entuk garapan ngluku. Luku-ne luku mesin, merek-e KUBOTA.

Kamis, 13 Mei 2010

Lha Ngapa Mlebu

( Facebook Kawruh Jawa 13 Mei 2010 )

"Nut Panut, sesuk rak dina KEJEPIT, kowe pa arep MLEBU ?" 
"Lha ngapa MLEBU, wong aku wis METU 'ok".

-

Niruwa Kaset

( Facebook Kawruh Jawa 13 Mei 2010 )
  
"Dhe, udane deres banget, memeyane ora garing. Piye iki dhe, CD-ku ra ana sing garing, aku ra isa salin. Tak neng toko dhilit golek CD ya dhe ". 
"Ra sah lunga-lunga, yen kodanan ndak lara. Wis niruwa KASET wae !!!"

 

Senin, 10 Mei 2010

Tangise Sapi

( Facebook Kawruh Jawa 10 Mei 2010 )
  
"Abdi dalem namung saged pasrah bongkokan kemawon dhumateng paduka. Katigas sumangga jangga, kajojoh sumangga jaja."

-

Jumat, 09 April 2010

Semangkeyan

( Facebook Kawruh Jawa  9 April 2010 )

"Kang lawang iki mbok regani pira ???"
"Halaaah kalih juragane pun mangga mawon nggene badhe ngawisi, kok kaya karo wong liya wae. Sing baken rak pasedherekan ta den !"
"Ya wis yen ngono rega paseduluran, satus ewu ya ?"
"Deeen deeen, njenengan niku kok nggih le tega-tegane kalih tiyang alit. Kula niku mikul king ndusun tebih lan awrat lho den, rak nggih onten regine ta deeeen. Dereng malih regi kajeng sak niki mindhake ndeder tur ndangak lho den!"
"Lhoooo piye ta kowe ki Kang, jaremu mau mangga mawon nggene badhe ngawisi, lha tegese rak ya oleh sakarepku ta Kang. Apa maneh jaremu sing baku seduluran. Lha piye ta ?!?"
"Oalaah den, lha niku rak pantes-pantese rembug antarane tiyang jawi ta. Priyayi jawi rak kedah ngangge raos lho den. Pun mangga dipun tambahi malih !"
"Eeee ngono ta ... ya becik kuwi. Ya wis nya tak tambahi sewu gelem ra ?"

Ing batin Kang Senthu gemreneng nesu marang wangsulane juragane Kerta sing kondhang cethile iku. " Eeeee yen ora ngelingi padha-padha warga KJ bakal tak gedhing ngarit sampeyan den .... eeee kok ya olehe semangkeyan temen priyayi ji iki !"

Harga Diri

( Facebook Kawruh Jawa  9 April 2010 )

Ana kenalan udakara limang tahun sak ndhuwurku sing dadi HANRA, sebut wae jenenge Giman. Wiiis ta angger wis nganggo sragam lageyane jan kaya yak-yaka kae. Mlakune digagah-gagahke, pethuk wong yen umure isih sak ngisore ora-arane bakal diaruh-aruhi. Sragame lengkap, nganggo kopelrim, gantungan sempritan, emblim lan ora keri GLATHI. Pawongane jan-jane ya lumrah wae, ora tau gawe repote liyan. Ning kemlinthine kuwi sing sok gawe gatele bocah-bocah.

Sakwijining ndina Giman liwat ngarepe
bocah-bocah sing lagi thenguk-thenguk ana ngebuk. Ora ngaruh-aruhi, mengo we ora. Njur ana kanca sing jail ngruruhi ngene :
"Mangkat dhines Man ?"
"Heeeh", wangsulane Giman tanpa noleh. 
Krungu wangsulan sing cekak aos iku ana kancaku sing metu ide kreatipe sing kurangajar kanthi cluluk ngene, "Man, kowe ki arep dhines apa arep rewang wong nduwe gawe ta kok nggawa PESO!"

Krungu ukara iki, mak greg Giman mandheg, balik kanan, terus methentheng karo mentheleng, nesu :
"Oooo MATA-mu picek ya, iki GLATHI dudu PESO !"
---
Bareng wis rada tuwa, ngeling-eling kedadeyan iku aku entuk kesimpulan : KEBANGGAAN DIRI-ne Kang Giman kesenggol perkara ana tembung kang ngremehake glathi-ne.


  .